Seni Nglempit Dina

oleh
oleh
Foto : dok

Dening : Daryanto

” SAPA wae sing prigel utawa nguwasani Seni Nglempit (Melipat) Dina, bakal gampang rejekeni. Entuk duit ora nganggo kangelan. Ana efeke elek pancen, yaiku biasane numani. Ambek rasa kuatir sing ora ana watese ( wedi kebongkar ). ”

BYAR … “wadi” sing disempen primpen pirang-pirang tahun, diuthik-uthik pawongan. Eman, urung nganti disetitekno wong akeh, tulisan uthik-uthik “borok” nylawadi iku mung setengah dina wis dibusek.

Masiyo ngono jagade sempat umyeg. Akeh pitakonan maneka werna, salah sijine, kenapa wadi sing adedasar surat primpen kanggo kalangan dewe kok iso metu ning umum. Kepara ana sing nyimpulke, ojo-ojo ana mata-mata wong njero cyah ?

Sing ngguyoke, nalika ngrungono jagongane wong loro sing uripe podho kesrakate, mbahas babagan wadi sing diuthik-uthik iku mau. Parto Paijan karo Lek Ndimik. Ana ae sing diusrege wong loro sing umurane isih sak plantaran iku.

‘’Mik, awakmu ngerti pora nek saiki ana ilmu Seni Nglempit Dina ?’’ Pitakone Parto Paijan nalika ngopi bareng ning warunge Yu Tun.

‘’Kok ngayawara Jan. Nek sak ngertiku, tahu dicritani anak-anakku, sing ana iku yo seni melipat kertas utawa Origami. Hla apa ana kok Seni Nglempit Dina,’’ jawabe Ndimik setengahe ngenyek.

‘’Wong dikandhani kok malah ngece. Tenan ana ilmu anyar iki, jenenge Seni Nglempit Dina !’’

‘’Hla carane piye ? Terus senine manggon ning endi Jan ?’’

Ngene, Parto Paijan, mulai crita bababagan Seni Nglempit Dina. Batine ya kudu ngguyu, semune ya ngece wong crita Seni Nglempit Dina iku mau sakjane mung samudana. Nanging Ndimik ora dong, malah olehe nanggapi serius nganggo banget.

Baca Juga :  Wouw ...  JFC Jajaki  Potensi Aerowisata di Bandara Ngloram

Dikandhake, menawa sapa wae sing prigel utawa nguwasani Seni Nglempit Dina iku mau bakal gampang rejekeni. Entuk duit ora nganggo kangelan. Ana efek eleke pancen, yaiku biasane numani. Ambek rasa kuatir, ojo-ojo ing tembe mburi mengko ana sing uthik-uthik.

‘’Hla ngono iku angger wong iso sinau utawa nglakoni?’’ Ndimik nyela guneman.

Isih ngempet ngguyu, merga Ndimik tetep urung dong karo ing dikarepke, Parto Paijan ngomong, sakjane kabeh wong iso nyinaoni ilmu Seni Nglempit Dina. Nanging ana syarate, salah sijine kudu nduwe jabatan.

Merga nduwe posisi jabatan, terus mergawene kudu secara Tim, pawongan iku mau ora perlu sinau suwe-suwe dijamin nguwasani ilmu Seni Nglempit Dina. Mung anut grubyug ae, ngerti-ngerti diwenehi bagian.

Contone, Parto Paijan malah gacor olehe rembugan. Seminggu sing kudune enem ndina terus dilempit utawa dilakoni mung patang ndina. Tapi bayarane ya tetep enem ndina.

‘’Contoh iki minangka penjelasanku sapa wae sing prigel utawa nguwasani ilmu Seni Nglempit Dina, bakal jembar rejekine, Mik.’’

Lek Ndimik sangsaya kopyor pikire. Merga critane Parto Paijan blas ora tinemu nalar. Sak ngertine, nek perkara seni melipat iku ya Origami.

Ndimik isih kelingan banget, tur meneh deweke uga pernah maca buku, Seni Origami mono isa nglatih kemampuan kreatifitase wong. Merga isa nglipat kertas dadi maneka warna bentuk. Salah sijine iso mbentuk kewan sing macem-macem jenise. Isa uga bentuk kembang lan serangga.

Baca Juga :  Krisna Mumet  ...

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), Origami seni melipat kertas soko Jepang. Origami asale saka bahasa Jepang “ori” sing artine lipatan lan “kami” ing artine kertas.

‘’Ora ngono Jan, critamu iku sakjane karanganem dhewe, apa ancen ana ilmune tenanan? Soale ngertiku mung seni melipat kertas utawa Origami. Aku kok malah nggliyer ! ‘’

Ora semaur, Parto Paijan nglungani karo bekakakan. ”Isih ana sing heboh meneh Mik, wis Nglempit Dina isih entuk susukan.

Ndimik mung isa kukur-kukur sirah masiya sakjane ora ana ketombene, ”wong edan,” rembuge pamitan sing nduwe warung, karo ngelungke duit kopi. ***

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.