Sarjana Matematikane Po’o ?

oleh -1425 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Dening : Daryanto

SAKWISE rekom PDI-P metu lhan sementara wis nggenah partai koalisine ana papat, PDI, PKB, PKS, Golkar, angka utawa gunggunge kursi, 9 + 8 + 3 + 5 = 25. Anggep ae, sisane partai sing isih orang jelas koalisine, PPP, Nasdem, Gerindra, Perindo, Demokrat lah Hanura, gunggunge kursi ana 20. Nek ngetunge nganggo rumus politik, 5 + 7 + 2 + 1 + 3 + 2 ketemune ora 20, nanging gunggunge mok siji. Sakjane yo isa ae loro, nanging luwih cenderung siji. Wong nek ketemune loro, kok serodok abot menawa dideleng soko tokoh-tokoh sing ana.

KABEH kanca-kancane marung diundang kabeh karo Lik Di, betheke meh dijak ngrasakno bungah atine merga anak mbarepe, sing aran Min Singo wis kasil diwinisuda dadi Sarjana Matematika. Sakwise nduwe gelar, jenenge Singo yo ana embel-embele lho, Ming Singo S. Mat.

Baca Juga :  Lagi, 4 Santri Temboro di Blora Positif Hasil Rapid Test

Teka, njagong, mangan gratis, udut sak kemenge, tetep ae ora marahai Jo Gowang, Alex weng, Man Othok seneng. Malah sewalike, kepara malah seneb. Lha piye ora seneb, jare wis sarjana Matematika, Singo kok nduwe pinemu sing aneh.

Mosok, jarene ing tahun 2020 iki ana ilmu matematika sing paling modern, 5 + 7 + 2 + 1 + 3 + 2, ketemune siji. Wong bocah PAUD ae menawa dibedheki 5 + 7 + 2 + 1 + 3 + 2, ora ndandak mikir suwe langsung mangap, gunggune 20. Lha ngono iku nek misale diparabi Min Singo Sarjana Matematika Po’o, ndara ora salah sing ndarani.

”Piye eh Min, mosok 5 + 7 + 2 + 1 + 3 + 2 ketemune siji. Mula ah, sekolah iku ora usah nggayuh sing dhuwur-dhuwur. Realistis ae. Isane mung nyandak SMA yo ogak usah mekso. Isane ngopi, udut Sukun putih ya wis nrima. Nek gengsi-gengsi an, malah ketemune dadi wong Po’o,” pitakon semu ceramahe Alex Weng.

Baca Juga :  Dan Sang Kresna pun Medar Hakekat Kencana dan Wingka

Tinggalkan Balasan