Parman Bungkik

oleh -727 Dilihat
oleh
Illustrasi || Istimewa

Dening : Daryanto

” SAK DALAN -dalan, Parman Bungkik  janji  karo awake dhewe, senadyan ora dadi pahlawan sing melu perang  ngrebut kemerdekaan, paling ora arep tetep dadi palawan kanggo keluarga. Jalaran, keluarga mono minangka bandha donya,  amanah saking Gusti Kang Akarya Jagad. Parman Bungkik yakin menawa mbesuk ing alam kelanggengan bakal dijaluk pertanggungjawaban saka Gusti Allah. ”

SEMBRIBIT angin ketiga masiyo campur hawa panas, tetep ae nggawe Parman Bungkik liyer-liyer nalika janggol ning pretelon Pasar Lawas. Ket isuk plethik nganti srengenge ngglewang ngulon blas ora ana pawongan  sing numpak becake. Ora narik blas. Sumpek karo ngempet urung isa udut, marahi Parman ora kuwawa ngempet ngantuk. Apa meneh sewengi turune ora jenak  merga nunggoni anake ragil, Yekti,  wis telung ndina mriyang awake.

Isuk uthuk-uthuk Subuh mau, Parman Bungkik wis ngangsu banyu ning prapatan Alfim, pesenane Bu Marno tangga tunggal gedheg. Langganan tahunan, pendhak ketiga dawa, sing nyukupi butuhane banyu keluarga Bu Marno mesthi dheweke.  Sayah sajake, mula Pak ane Yekti ngantuk, sambi adang-dang mbok menawa ana penumpang.

‘’Man, ojo nggayer ae,’’ kanca tunggal nasib nukang becak puluhan tahun, Diran, ngageti olehe liyer-liyer.

‘’Mboh Ran, ogak narik blas iki,  nganti srengenge meh angslup ngene ! ’’

‘’Ya Man, aku yo blas kok dina iki. Sabar sing ora winates, wong saiki iku sedina narik pisan ae wis rejeki nomplok kanggo tukang becak kaya awake dhewe ngene iki. Kalah mbek kahanan.’’

‘’ Kowe karo aku iso sabar Kang Ran.  hla sing ning omah lak ora isa disemayani jatahe weteng. Yekti, ragilku wis telung ndina iki yo mriyang mung tak blaburi lengo putih karo brambang. Lha piye meh ning dokter ya paling sithik abangan loro. ’’

Wong-wong sing podho semliwer arep nonton pawai pembangunan mengeti kemerdekaan RI sing kaping -78, blas ora digagas tukang becak loro iku. Wong loro iku asik ngrenuni nasibe dadi tukang becak sing wis dilakoni puluhan tahun.

Parman Bungkik malah ngrasakno nggrantes ati  mrangguli ramene kahanan pitulasan. Batine kok kanioyo men, usum keramaian pitulasan kok yo ora ana sing nganggokno jasa becak blas.

Sepeda motor pirang-pirang merek pating bleber. Mobil-mobil apik ya pating sliwer. Kaya-kaya ora nggagas nasibe tukang becak loro iku sing durung entuk kaya babar ketiplas.  

Kelingan sepuluh tahun kepungkur.  Penggautan mbecak sing dilakoni isa kena nggo nguripi bojo karo anak telu. Ora ketang yo catho-catho. Ana ae sing dadi langganane Parman Bungkuk, mulai pensiunan apa ibu-ibu kerep nganggokno.

‘’Nyuwun sewu, Pak saged ndhereke kula ?’’

Parman Bungkik mak jegegal karo ngucek-ngucek mripat nyepadake swara alus sing ganggu ngalamune. Jebul ana pawongan ayu, kuning langsat pakulitane lan nganggo seragam pegawai negeri.

‘’ Sa… saged Bu. Ngersake tindak pundi ? Monggo.’’

‘’ Anu Pak, mubeng-mubeng kutho, kaleh mersani kahanan.’’

Saking bungahe lan mbayangno bakal iso nukokno obat turun panas kanggo anak  wedok sing wis telung ndina mriyang, Parman Bungkik ora takon pira ongkos sing bakal ditampa, langsung nynegklak becak,  nderekno piyantun seragaman pegawai sing ora nate diweruhi.

Panase srengenge sing wis ngglewang ngulon  ora dirasakno. Weteng krucuk-krucuk merga kawit isuk mung diiseni gemblong rong bungkus ora dirasakno. Butuhe bakal entuk duit. Ora nggagas  pira gunggunge.

Seka Pasar Lawas mubeng alun-alun terus anjor Jalan Pemuda, kringete Parman Bungkik mulai dleweran. Anduk sing rupane wis mbladus ning gulune diletreke dienggo ngelap. Ambu tengik-tengik sithik ora dirasakno.

Tekan bangjo prapatan Grojogan, pawongan seragaman pegawai sing ngenalno asma Bu Listyaningrum njaluk menggok ning toko Baru.

‘’Kendel Toko Baru sekedap nggih Pak,’’ Bu Listyaningrum aba.

‘’Inggih, Bu,’’ Parno Bungkik minggirno becak lan ngangkat munggah nganggo gampangno penumpang mudhun saka becak.

Lumayan, karo ngenteni penumpang blanja, Parman Bungkik isa unjal ambegan. Banyu aqua sing disangoke bojo dibukak lan diombe. Meneh-meneh weteng ngeleh nguleng weteng.

Kerana wis biasa, merga kahanan, mangan sedina isa ping loro ae wis beja, bot-bote nyukupi butuhan omah, Parman Bungkik ora pernah ngresula. ‘’Maturnuwun Gusti, senaoso namung banyu putih saged nglegake awak. Seger,’’  Parman Bunkik cluluk alon.

Baca Juga :  Vaksinasi Covid Capai 60 % Lebih, Blora Berharap Segera Masuk Level 2

Mituhu pesene mbah buyut sengen, Parman Bungkik pancen gak pernah ngresula dadi titah e Gusti Kang Murbeng Dumadi. Senadyan urip y mung catho-catho.

Dadi tukang becak sing wis klelep karo mobah musiking kahanan, Parman Bungkik tetep istqomah. Kanggo nyukupi butuhan, wong janggol mbecak wis ora kena dijagakno, Parman Bungkik kerja serabutan. Ngangsu, mocok resik-resik pekarangan  tangga dilakoni. Butuhe, kendil ora ngguling, jatah mangan bojo karo anak loro tetep lancar.

‘’Monggo Pak, kula diterke wonten Pemda nggih,’’ jebul Bu Listyaningrum wis ning ngarep becak.

‘’Nggih Bu, mangga,’’ Parman Bungkik  gegancangan jungkling becak kareben Bu Listyaningrum gampang munggah.

Becak diputer, noleh ngiwa tengen banjur dicengklak, pedhal dipancal tumuju kantor Pemda.

‘’Niki, Pak,’’ Bu Listyaningrum ngulungi duit werna abang, atusan ewon.

‘’Nyuwun sewu menwai wonten arto alit, Bu. Mboten wonten jujule niki, lha sedinten mboten narik blas niki wau.. Namung panjenengan.’’

‘’Ora usah jujul, Pak. Kagem panjenengan.’’

‘’Walah, maturwusun sanget Bu. Mugi panjenengan tansah pinaringan rahayu, panjang umur, mirah rejeki.’’

Tekan ngarep kantor Pemda, becak direm, Bu Listyaningrum banjur mudhun, or lali Parman Bungkik ngucapno maturnuwun makaping-kaping.

Bu Listyaningrum wis ilang kepangan tembok bangunan Pemda sing duwur, Parman Bungkik banjur bablas nggenjot becak bali. Ning Batin, alhamdulillah, dina iki kaya mbecak kena kanggo nempur karo blanja. Paling ora telung ndina mengarep aman.  Kanggo jatah mangan wong sak omah.

***

Tekan omah, Suwarti, bojone, karo Yekti, anak ragil sing wis telung ndina mriyang mbagekno.

‘’Kok nganti sore, Pak ?’’

‘’Iyo Buk, iki mau ngeterno penumpang. Alhamdulilah kok sore-sore entuk rejeki kon ndhereke Bu Listyaningrum, pegawai Pemda,’’ Parman Bungkik semaur karo ngelungno beras 5 Kg bungkusan plastik.

‘’Alhamdulilah, Pak, iki mau Lek Syukur ya mara omah, jare sesuk kok ngewangi njerokno sumur. Dahar sek Pak, mau jangan asem mbek tuku gereh.’’

Ya Buk, alhamdulilah. Sesuk tak ora janggol mbecak, arep mruput ning omahe Lek Syukur.’’

Bar mangan, resik-resik awak, Parman Bungkik leyeh-leyeh ning lincak ngarep omah. Nyicil yem, anak wedok Yekti wis adem, malah kepara wis doyan maem. ‘’Matursuwun Gusti, dinten menika berkah saking Panjenengan kagem keluarga kawula.’’

Enak-enak leyeh-leyeh, pikiran mlaku-mlaku tekan adoh, ana wong uluk salam. Jenggelek, diwaspadakno jebul Pak RT, Bambang Widyatmoko sing moro omah.

‘’Asalamualaikum,Lek,’’ uluke Pak RT

‘’Walaikumsalam…. Hlooo Pak RT. Mangga pinarak, kok njanur gunung niki. Badhe kersa napa?’’

‘’Ning njaba kene ae, Lek. Iki arep ngaturi undangan, resepsi pitulasan ning Balai RW kanggo sesuk bengi.’’

‘’Walah, kok kula katut angsal undangan. Kinten-kinten ndak pantes no Pak RT? Tur malih badhe diutus napa tiyang kados kula niki. ’’

‘’Ee wong iki wis dadi keputusane Panitia Agustusan lingkungane dewe kok, Lek. Rawuh hlo, sesuk bengi jam pitu. Ojo nganti telat,’’ muni ngono Pak RT langsung pamitan, jare arep ngeterkno  undangan ning warga liyane.

Ora nggagas undangan seko Pak RT, Parman Bungkik mlebu omah, mapan turu. Butuhe ndang isirahat, isuk arep ndang tangi terus moro ning Lek Syukur ngewangi njerokno sumur.

Tetep klesak-klesik pikire Parman Bungkik, perkara undangan sing diterno Pak RT, Bambang Widyatmoko. Ning batin, arep didapuk apa kira-kira, wong tukang becak kaya awake kok ndadak entuk undangan nekani resepsi pitulasan ning Balai RW.

Melu lomba yo ora, malah uga ora kuat melu urunan RT, kok ndadak mlebu itungan entuk undangan. Mripat direm-remno, tetep ae osa isa turu. Mbuh nganti jam pira ora kelingan, Parman Bungkik jegegal tangi jebul wis rina nalika Suwarti, bojone nggoyak-nggoyak sikile.

‘’Pak, ndang tangi, wis kansenan karo Lek Syukur hlo, meh ngewangi njerokno sumur.’’

‘’Iyo, buk,’’ Parman Bungkik langsung njujug kamar mandi.  Raup, terus nggeblas ning omahe Lek Syukur sing mung kacek limang omah. Sore jam papat, gaweyan njerokno sumur rampung, langsung bali omah.

Baca Juga :  Dipilih Sebagai Desa Ramah Perempuan dan Peduli Anak,  DP3AP2KB Jateng dan Dinsos Blora Garap Desa Kepoh

Tekan omah langsung resik-resik awak, mangan bareng anak bojo, terus salin klambi bada tahun wingi. Jalaran klambi bada iku sing paling pantes dienggo kanggo nekani acara sykuran Agustusan ning Bala RW. Sandal merek Lily, masiyo wis ketinggalan jaman dienggo. Meneh-meneh yo sandal iku sing pantes dienggo nekani kumpulan.

‘’Aku mangkat sik Buk .’’

‘’Ya Pak, mugo-mugo misal mengko ana undian dorprize apa mbuh undian liyane iso entuk beja, Pak,’’ Suwarti karo anake telu nguntabno Parman Bungkik nganti teka ngarep lawang.

Tekan Balai RW, wis akeh pawongan sing wis podho pinarak. Ning ngarep panggung katon pirang-pirang piala, ana tumpukan bungkusan, mbok menawa hadiah.  Parman Bungkik blas ora mikir, jalaran dheweke rumangsa ora melu maneka lomba Agustusan sing dianake tingkat RT ning kampunge.

‘’Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, wassholaatu wassalaamu ‘alaa asyrofil anbiyaa-i wal mursaliin, sayyidinaa Muhammadin, wa’ala alihi wa’ash-habihi aj’ma’iin. Ammaa ba’du, ‘’  keprungu  Pak RT, Bambang Widyatmoko wis miwiti sambutan.

‘’ Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kula lan panjenengan sedaya ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih menika arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia.

Lan dinten niki kita sedaya ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping 78. Mugiya bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur.

Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, mangga kita sedaya raos syukur ateges ngelampahi napa ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki.

Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.

Kepareng matur, ing malam tasyakuran niki, panitia sampun mutusaken ngrawuhaken sosok tamu inggih punika Pak Parman Bungkik. Inggih punika sosok pahlawan keluarga ingkang saged kengge patulodho kita sedaya…. ‘’

Para tamu undangan sing rawuh keplok-keplok rame. Sewalike Parman Bungkik mung ndingkluk karo ngrasakno ati kumesar.  ‘’Ya Allah, berkah punapa malih  niki ingkang kula tampi,’’ swarane lirih.

Pungkasan Parman Bungkik diundang munggah panggung, lan nampa bebungah rupa kulkas, sembako lan bingkisan liya-liyane.

‘’Nyuwun sewu Pak  Bambang, kadose kula kok mboten pantes nampi niki sedaya. Kula sanes pahlawan, namun tukang becak ingkang sampun klelep ing jaman, kok nampi anugerah dados pahlawan ?

‘’Ora Pak Parman, sampeyan wis pas menawa entuk anugerah pahlawan. Jalaran panjenengan sampun dados patuladhan kita sedaya minangka pahlawan keluarga,’’ jawabe Pat RT Bambang.

‘’Kok ngoten ?’’ Parman Bungkik isih ora percaya karo kahanan sing dialami.

‘’Sampeyan minangka sosok ingkang tuhu netepi wajib kangge keluarga. Senadyan tukang becak, tetep istiqomah senadyan wonten ing swasana pas-pasan. Panjenengan entengan tangan, mboten nate drengki srei marang liyan,’’ RT Bambang dawa-dawa menehi katerangan.

Acara tasyakuran Agustusan wis pungkas, sakwise nyalami panitia lan tangga-tangga, Parman Bungkik terus bali omah saperlu njupuk becak kanggo ngangkut hadiah kulkas sing wis ditampa.

Sakdalan-dalan, Parman Bungkik  prasapa karo awake dhewe, senadyan ora dadi pahlawan sing melu perang  ngrebut kemerdekaan, paling ora arep tetep dadi palawan kanggo keluarga. Jalaran, keluarga mono minangka bandha donya,  amanah saking Gusti Kang Akarya Jagad. Parman Bungkik yakin menawa mbesuk ing alam kelanggengan bakal dijaluk pertanggungjawaban saka Gusti Allah. ***   

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.