Nyengkuyung Madege RS Bhayangkara, Bupati Blora Nampa Penghargaan  Saka Kapolda Jawa Tengah

oleh -477 Dilihat
oleh
PARING PENGHARGAAN - Kapolda Jawa Tengah, Inspektur Jenderal. Pol. Drs. Ahmad Luthfi, S.St.Mk., S.H., nalika paring penghargaan marang Bupati Blora, H. Arief Rohman S.IP., M.Sc.

” Penghargaan iki minangka wujud apresiasi saka Kepolisian marang Bupati Blora sing gigih anggone merjuangake pembangunan RS Bhayangkara ing Kabupaten Blora,” ujare Kapolda Jawa Tengah, Inspektur Jenderal Pol Drs Ahmad Luthfi. ”

SEMARANG, topdetiknews.com – Bertepatan pengetan HUT Bhayangkara kaping -77, Kapolda Jawa Tengah, Inspektur Jenderal. Pol. Drs. Ahmad Luthfi, S.St.Mk., S.H., paring penghargaan marang Bupati Blora, H. Arief Rohman S.IP., M.Sc.

Penghargaan kasebut diwenehake sawise upacara pengetan Hari Bhayangkara ing Lapangan Pancasila, Simpang Lima, Semarang, Setu (1/7/2023). Kapolda Ahmad Luthfi ngandhakake, penghargaan kasebut diwenehake marang Bupati Blora amarga kontribusine nyengkuyung pembangunan RS Bhayangkara dening Polri ing Desa Jagong, Kecamatan Kunduran.

“Penghargaan iki minangka wujud apresiasi saka Kepolisian marang Bupati Blora sing gigih anggone merjuangake pembangunan RS Bhayangkara ing Kabupaten Blora,” ujare Inspektur Jenderal Pol Drs Ahmad Luthfi.

Dikandhakake, ing pembangunan RS Bhayangkara, Bupati Blora wis menehi Barang Milik Daerah (BMD) arupa 20.200 M2 tanah marang Polda Jawa Tengah. Pembangunane ing wektu iki  lagi ditindakake,” ujare Kapolda.

Baca Juga :  2.136 Warga di 24 Kelurahan se -Blora Terima Bantuan Dana JPS

Kapolda  ngajab pembangunan rumah sakit kasebut bisa lancar lan bisa migunani kanggo masyarakat Blora laladan Kulon lan Kabupaten Grobogan laladan wetan.

Sasampunipun pikantuk penghargaan, Bupati Arief Rohman ngaturaken agunging panuwun dhumateng Kapolda Jateng saha punggawanipun ingkang sampun paring apresiasi ngepasi HUT Bhayangkara kaping 77.

“Maturnuwun Nuwun Pak Kapolda ingkang sampun paring penghargaan. Penghargaan menika kagem sedoyo warga Blora ingkang sampun nyengkuyung sepenuhipun pembangunan RS Bhayangkara Kecamatan Kunduran. Warga Blora laladan Kulon, kados ta Kecamatan Kunduran lan sakiwa tengenipun tebih saking rumah sakit, dados menawi arep berobat kedah  menyang Blora utawa menyang Purwodadi,’’ ujare Bupati.

Dadi, sambunge, kanthi pembangunan RS Bhayangkara sing saiki lagi ditindakake,  banget mbiyantu warga Blora kanggo entuk layanan kesehatan sing luwih apik. “Bebarengan karo Polri mbangun pemerataan fasilitas kesehatan ing Kabupaten Blora. Sesarengan mbangun Blora. Selamat Hari Bhayangkara kaping 77. Salam Polri  Presisi… !!,” tambahe.

Ing kalodhangan iku, Bupati kang akrab sinebut Mas Arief iku, uga nemoni Kepala Biddokkes Polda Jawa Tengah, Kombes Pol Dr. Dr. Sumy Hastry Purwanti, Sp.F., D.F.M., sing ngawasi proses mbangun lan nyiapake SDM RS Bhayangkara Kunduran.

Baca Juga :  Lomba Vlog Tema Destinasi Wisata Lokal Buat Pelajar, DPRD : Potensinya Luar Biasa

Bupati ngarep-arep pembangunan rumah sakit bisa lancar lan bisa miwiti nglayani masyarakat ing taun 2024.  Hadir  ing acara kasebut Kapolres Blora, Dandim 0721/Blora, Ketua DPRD Kabupaten Blora, marang Forkopimda liyane ing Jawa Tengah. *)

Pewarta : Muji
Editor : Daryanto

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.