Nggambleh

oleh -2383 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Golongan wong sing nomer telu iki, ora nduwe pamrih apa-apa kejaba mung kepengin ana owah-owahan sing nuju keapikan. Merangi kadurjanan, ketidak adilan termasuk tumindak adigang adigung adiguna.

”Lha nek ono sing nggambleh jare urung tumok ning sejarah sing jenenge wakil ora bakal iso dadi menawa nyalon Di, Piye nek menurutmu ?”

Karo ngguyu, Lik Di ngomong dawa-dawa. Dikandakno menawa wis kit jaman mbiyen perkara gugon tuhon mono wis ana, nanging kudune ora usah digatekno. Koyo to, ”ojo jonggok ning ngarep lawang, mengko jodhomu angel”, “Eee, kok nyapu bengi-bengi ?? Mengko bojoem umure endheg lho”, “Nek nomer 13 mesthi sial pak, mula ora ana hotel sing nduwe kamar nomer 13″, ” Oh yo, nek laut kidul iku penguasane Nyi Roro Kidul, mula kudu percaya nek ameh foto-foto, ojo wong telu, mengko sing siji matine cepet lho”.

Baca Juga :  Sukarjiyo Akan Rumuskan Program 100 Hari Kerja

”Pokoke ojo percaya perkara gugon tuhon ngono iku maeng Min. Lha wektu iku, nalika sakmono wakil sing nyalon ncen kalah sak mbereng dhengahe kok. Mula yo ora dadi.”

Perkara gugon tuhon mono, Lik Di mbacutno rembug, kepercayaane marang sawenehing bab utawa perkara sing ora tinemu nalar. Mula ora usah percaya.
Ogak nyalahno ncen, perkara gugon tuhon mono kerep krungu ning kuping mbendinane.

Mboh iku sing magepokan karo klenik nganti nasehat sing ciamik. Nanging, nek awake dhewe nduwe Gusti kang Akaryo Jagad, kudune ora usah percaya karo bekakas sing angel tinemu nalar iku maeng. Sewalike, percayaa menawa kabeh kedadeyan ning ndonya iki wis ginaris soko sing Nggawe Jagad sakisine.

Baca Juga :  Siti Maisaroh Terpilih menjadi Sekdes Desa Plantungan

Tinggalkan Balasan