Kaji Wahyu

oleh -606 Dilihat
oleh
Illustrasi || Istimewa

Dening : Daryanto

MULIH saka pengajian ning omahe Lek Taryo  sing arep budhal kaji, Parto Saidan theleg-theleg ora isa turu. Mripate direm-remno, panggah ae atine gronjalan mikir dakwahe Kyai Mansyur…

‘’ Kain sing tumempel ning awake manungsa iku ana telu.  Yaiku kain gedhong, kain ihram Ian kain kafan. Kain gedhong disandhang manungsa nalika isih bayi. Sing nomer loro kain ihram lan nomer telu kain kafan.

Mumpung isih diparingi umur dawa, awak sehat, manungsa iku kudune mikir, kira-kira dhisik endi antarane nganggo kain ihram karo kain kafan.  Yen dhisik kain ihram, ateges uripe kober mampir ing Masjidil Haram, thawaf ngubengi Kabah, kober dhepepeh  marang Allah ing ngarep daleme, tobat ngakoni kabeh dosa Ian kaluputane sarta nyuwun pangayoman. Nyuwun diparingi slamet ndonya akherat. 

Nanging yen dhisik kain kafan ya wis trima saka donya langsung  njujug alam kubur tanpa mampir ka’bah. ‘’

‘’Urung turu to, Pak. Mau piye pengajiane ning omahe Lek Taryo ? Regeng mesthi,’’ pitakone Nyonyah Taryo, pawadon sing wis dijak omah-omah 30 tahun suwene. Pawadon sing wis dijak bareng lelomban ing samodrane bebrayan.

‘’Regeng Tur gayeng, Buk. Awake dhewe suk nek pengajian budhal munggah kaji nekakno Kyai Mansyur ae lak wis. Jan gayeng tenan lan apik pituture.  Ora ndakik-ndakik. Gampang dimangerteni.’’

‘’Karek, Pak,  nek aku manut ae. Sing penting iku, gandheng antrian awake dhewe tahun ngarep, mulai saiki kudu mikir duit saka endi nggo mbayar nglunasi ragad Kaji mbesuk,’’ rembuge sisihane Taryo, karo metu kamar, sak perlu tata-tata nyaiapke olehe bakulan sega pecel ngarep omah.

Mbalek meneh Parto Saidan dewekan karo pikirane nggrambyang tekan endi-endi. Merga pengaruh ceramahe Kyai Mansyur, dheweke terus kepikiran.  Pungkasane dipasno pikire, ngadhepake munggah kaji tahun ngrep, menawa titi wancine nglunasi ongkos, mobil kijang kapsul, siji-sijine barang aji sing dinduweni arep didol. Arep dienggo nglunasi ragad kaji, sisane dienggo sangu.

Dietung-etung, munggo  kijang kapsule payu pitung puluh yuta, sakwise nggo nglunasi kaji wong loro seket yuta, sisane kena nggo sangu nalika ana ning Mekah Medinah. Dene uba rampe liya-liyane isa nganggo duite mbok wedok, asile dodolan sega pecel ngarep omah. Dietung-etung cukup, nek trima nggo nganake pengajian nalika dheweke arep budal kaji.

Sing penting  aja nganti kepengine nganggo kain ihram kedhisikan nganggo kain kafan. Kelingan pesene Kyai Mansyur, bakal rugi uripe ning alam ndonya, merga kagolong wong mampu, kok mengkone kedhisikan ngnaggo kain kafan tinimbang kain ihram.

Kegawa kencenge olehe mikir, Parto Saidan nalika keturon sak sliyeran, kelakon ngimpi mangkat kaji. Numpak mobil menyang bandhara, lan nalika ning pesawat dheweke kepleset klumah ning toilet pesawat. Bareng nglilir jebul dheweke wis athang-athang  ning jogan.

Kelakon tenan. Nalika wis ana pengumuman soko Depag  babagan jadwal pelunasan Kaji, Kijang Kapsule didol lan payu pitungpuluh lima yuta. Gangsar oleh dodolan mobil nggo ragad lan sangu Kaji, duit kijang kapsul ditampa lan dikon nyimpen sing wedok. Pangangkahe, dheweke arep nglunasi ragad kaji seminggu meneh, merga jadwale ya longgar.

Sore bar Maghriban, Parto Saidan legeg-legeg ning ruang tamu karu lam-lam perjalanane urip ing ndonya. Dirasa-rasa, awake termasuk sing beja urip ning ndonya.

Sepuluh tahun kepungkur nekad ndaftar kaji, nganggo duite sing wedok asile klumpuk-klumpuk dodol sega pecel puluhan tahun. Sakumpama wektu iku ora nekad ndaftar, isa-isa awake bakal kedhisikan nganggo kain kafan lan ora nduwe kesempatan nganggo kain ihram.

Ndaftar kaji keri-keri iki antrine kok suwe banget.  Dhaptar saiki, selawe taun maneh lagi bisa mangkat. Batine, umure lak sangsaya wis tuwik, umpama isih diparingi urip, awakke wis mesthi ringkih. ‘’Maturnuwun Gusti, sedaten kenikmatan kangge kula sakeluarga,’’ grenenge Parto Saidan, ning njero ati.

Wis mantep tekade, dina Rabu Pon,  Parto Saidan arep ngajak bojone ning Bank sak perlu nglunasi ragad kaji. Atine Yang Parto Saidan yo wis nyicil seneng arep weruh tanah suci, bisa sujud marang Allah, persis ing ngarep ka’bah sing selawase iki mung katon ing angen-angen. Saiba tentreme ati, saiba mulyane ati. Ing atase mung bakul sega pecel, sing lanang ya trima mergawe arang kadang, anake wong ora duwe, bisa kelakon tekan tanah suci.

Rencanane anake wedok sing wis diwengku wong lanang lan dijak omah-omah ning njaba kutho arep dikabari. Paling ora isa nekani nalika awake ngadakno pengajian arep munggah kaji. Wong kabar terakhir sing ditampa, Wahyuni, anake wedok wis mbobot tuwa lan wayahe lairan.

Lagi epyek persiapan  arep budhal kantor Bank,  jebul ana wong uluk salam, ‘’Asalamualaikum……..!

Yang Parto Saidan gagenan metu saka kamar, mak plass atine, jebul tamune Wardi, mantune.

‘’Hlo Nak Wardi…ayo mlebu..Piye,  genduk lan jabang bayi sing dikandhut lak sehat-sehat to?’’

Atine krasa ora penak, merga Wardi ora enggal semaur, lan polatane katon gugup.

‘’Piye Nak… ana kabar apa iki kok isuk-isuk wis tekan kene,’’ Yang Parto Saidan ngambali takon.

‘’Nggeh Bu…ngaturi pirsa, bilih Dik Wahyuni menika badhe babaran, lan sampun wonten Rumah Sakit,’’ saurane Wardi lirih.

Baca Juga :  Angka Rp 49,8 Juta Yang Melegakan

‘’Hlo, la iki kok awakmu ora nunggoni?’’

Karo tangane grewelan Wardi ngabarake menawa merga kahanan jabang bayi sing dikandut bojone sungsang, lan ngendikane Dokter kedah dioperasi cesar.

‘’Niki kula sowan, mergi betah ragad sak cepete kangge operasi lahirane Dik Wahyuni, Bu,’’ meneh-meneh suarane Wardi Lirih. ‘’Niki sampun ditenggo, menawi dereng wonten arta, dereng saged dioperasi.’’

Tembunge Wardi pancen mung Iirih, karo nggrewel tangane. Nanging ning kupinge Yang Parto Saidan, jan kaya gludhug mangsa ketiga. “Saiki uga, Nak ?” pitakone.

‘’Pak.. iki hlo mantune rene. Metu sedelok ah iki penting,’’ pambengoke Yang Parto Saidan, karo bojone sing isih umyeg ning kamar, salin klambi.

Parto Saidan gegancangan metu saka kamar lan mbageke mantune lanang.  ‘’Piye Nak Wardi Kabare  ? Kapan Wahuyni babarane ? Nek isa yang ndang babaran, ben mengko isa nguntapke aku karo ibumu yen arep munggah Kaji.’’

Wardi, mantune mung semaur lirih, ‘’inggih Pak, pangestunipun kula kaleh Dik Yuni tansah pinaringan bagas kuwarasan.’’

‘’Hla iki ana perlu apa, kok jarene ibumu penting?’’

Merga nyawang mantune angel omongan, Yang Parto Saidan langsung nyaut, ’’ ngene Pak iki acara nglunasi Kaji ning bank ditunda sek. Ayo dho nunggani anakmu sing arep lahiran ning rumah sakit. Duit olehmu dodolan mobil Kijang Kapsul digawa, nggo ragat operasine Yuni.’’

‘’Hloo.. Buk !’’

‘’Pak, rembugane mengko ditutuge ning ndalan. Iki ayo ndang nyusul anakem wedok ning Rumah Sakit njaba kutho.

Ringkese lakon, Parto Saidan sak bojone lan mantune gegancangan lungo  Rumah Sakit. Kabeh mau merga kanggo nututi nyawa loro, nyawane anake wedok, Wahyuni,  karo calon putune.

Ora wangsulan, Parto Saidan kaya kebo dicocok irunge, nyarujuki apa sing dikarepno bjone. Sak dalan-dalan nuju rumah sakit, ing batin mikir, lha rak kelakon mundur olehku munggah Kaji.

Nanging kepiye maneh, iki keperluane kanggo nututi nyawane anak karo calon putu. Pikire, perkara Kaji gampang. Mengko bubar anake lairan, perkara munggah kaji  dipikir maneh. Wong ya isih ana wektu ae.

Karepe menungsa, urung karuan kaya sing dikersake Pengeran. Acara Kaji sing  wis genah, wis mesthi kelakon, wong dhuwit wis ana, niyat wis kenceng, ati madhep mantep. Apa maneh sing dibutuhake ? Wong yo wis arep budhal nglunasi ragad ning Bank kok ana kedadeyan sing ora kenyana-nyana.  Iku kabeh mung perkara lakon, Parto Saidan mupus atine dhewe.  Mengko dipikir bubar lairane putu.

Terus muleg pikirane Parto Saidan. Karepe  mono gandheng wis mlebu kuota, lan duwit nggo ragad nglunasi ya wis cumepak, asil saka dodolan mobil, dheweke  madhep mantep.  ‘’Gusti mugi paringana margi ingkang sae, dipun paringi lancar samudayanipun,’’ suarane Parto Saidan nggresah lirih.

Meneh-meneh kuatir nek gagal munggah Kaji, Parto Saidan ora jenjem ungguhe ning mobil nuju rumak sakit. Nganti pungkase, dipupus sakabehane.  Piye-piye, dheweke bapakne Wahyuni. Anak ontang-anting sing digadhang-gadhang neruske garis keturunan  ing alam ndonya.

Wong lanang sing wis dipercaya dening Gusti kanggo momong Ian nglantarake Wahyuni, urip kang mulya ing ndonya. Parto Saidan siap nglakoni apa  wae sing kudu diadhepi Ian disangga kanggo kamulyane Wahyuni. Dheweke sadar, menawa lakon apa wae kudu diadepi kanggo Wahyuni, awit kabeh  iku mau pancen saperangan sing dijibahake dening Gusti marang dheweke.

Kelakon Wahyuni selamet nglairke jabang bayi lanang, kanthi operasi cesar. Ora tidha-tidha bungahe atine Parto Saidan lan bojone, nampa berkah saka Gusti Kang Akarya Jagad. Senadyan duit asil dodolan Kijang Kapsul sing arep dienggo nglunasi lan sangu Kaji ludes. Mung nyisa limang yuta.  Kabeh mau wis ora dipikir, sing penting anake wis nglairake kanthi slamet.

***

Acara lahiran anak wedok wis kliwat, gantinan Parto Saidan sing  njinggruk mikir nasibe perkara sida isa munggah kaji sak bojone apa ora. Duit ludes, kamangka wektu nggo nglunasi Kaji gari seminggu meneh.

Rumangsa salah lan dadi mala maratuwane sing arep munggah Kaji, Wardi kerep sambang mertuwane. Saben-saben pamitan, Wardi mesthi takon,  “Rancangan Haji pripun, Pak ?”

Parto Saidan mung njibleg. Kadang kala saking judege pikir, dheweke wangsulan. “Sajake gagal kok Nak, Iha dhuwite entek kanggo operasine Bojomu. Tapi wis ora usah pikir, kabeh mono wis garise Gusti Kang Akarya Jagad, mungga aku jugar ora isa munggah Kaji tahun iki.”

Wardi mung meneng, ‘’Bapak, ampun ndhisiki kersane ingkang maha Kuwasa. Menawi Gusti Allah sampun marengake, mboten wonten barang ingkang mokal. Kula kok taseh yakin, menawai Bapak kalih Ibu saged tindak Haji tahun niki.’’

Krungu rembuge mantu kaya ngono, Parto Saidan mung mesem kecut. Nanging tetap ngetonake praupan sing tabah ngadepi kahanan. Batine, rembuge mantune pancen bener, mung kanggone deweke arep njagakake apa? Njagakake dhuwit dodolan mobil wong ya wis ludhes  kanggo ngragati operasine anake wedok.

Isih nduwe bandha pancen, sawah gares sing selama iki ora kena diarep-arep pametune. Merga ya sawah  tadhah udan. Mungga arep didol paling-paling yo ora memper regane. Masiya panggonane cedhak SMP swasta ning desane.

Baca Juga :  Keluarga Besar PPP Diminta Untuk Indahkan Anjuran Pemerintah

Ngekes batine Parto Saidan. Wis kudu trima iki, dheweke ngrasa pancen ora tampa timbalan ulem saka Allah menyang daleme ing tanah suci tahun iki. Nanging dheweke ora ngresula, ikhlas awit kabeh mau, duit ludhes ya kanggo nylametakno  uripe anake lan putu.

Jenenge menungsa, kadang kala Parto Saidan isih mikir, merga jugar arep-arepane munggah kaji, genah kain kafan bakal Iuwih dhisik tumempel ning awakke tinimbang kain ihram. Embuh kapan Keparenge.

Tekane pesthi, rejeki, jodho pancen mung Gusti Kang Akarya Jagad sing mangerteni. Minggu isuk, nalika bojone dodolan sega pecel ngarep omah, Parto Saidan ketemon pengurus Yayasan SMP sing panggone cedak sawahe.

Susanto, asmane pengurus Yayasan SMP Swasta iku.  ‘’Nyuwun sewu Pak Saidan, sowan kula, saklentune silaturahmi, badhe maringi kabar, menawi SMP ingkang kula gulawentah badhe nambah bangunan gedung,’’ tembunge.

‘’Ooo Nggeh Nak Susanto. Mugi tansah ngrembaka lan maju mangke SMP –nipun. Muride tambah kathah. Hla niki wonten kersa napa lan hubungane kula napa kaleh rencana SMP ingkang badhe nambah bangunan gedung ? ’’ Pitakone Parto Saidan sing durung nglenggana karepe tamu.

‘’Mekaten Pak, kangge perluasan gedung SMP niku wau, badhe ngersakake tanah sawah panjenengan. Mugi panjenengan Ikhlas menawi badhe dipun tumbas Yayasan.’’

Mak tratab pikir Parto Saidan. Babar pisan ora mikir menawa sawah tadah udan sing ora isa diarep-arep pametune, bakal nglantarake dheweke ora sido jugar olehe munggah kaji tahun iki.

Wewayangan bakal nganggo kain ihram sakdurunge kain kafan bakal kelakon. Batine, masiya dheweke lan bojone  mung antri tiket menyang alam kubur, nek isa sak durunge nganggo kain kafan iso nganggo kain ihram.

‘’Pripun Pak Saidan niki,’’ pitakone pengurus Yayasan, Susanto njugarno  lamunane Parto Saidan.

‘’Ooo, ngih mangga dirembag ingkang sae ! Dikersakake sedanten napa sebagian, kula manut. ’’

“Nggih sendaten, Pak.  Wong niki kangge perluasane SMP badhe mbangun nem ruang mbetahake lahan ingkang wiyar.’’

Tekane rejeki mono pancen ora kanyono-nyono.  Parto Saidan kelakon tampa bayaran rong atus seket yuta. Mula bakal mubra-mubru menawa arep dienggo nglunasi kaji sak sangune. Kelingan rembuge mantune,  ‘’ampun ndhisiki kersane ingkang maha Kuwasa. Menawi Gusti Allah sampun marengake, mboten wonten barang ingkang mokal. Kula kok taseh yakin, menawai Bapak kalih Ibu saged tindak Haji tahun niki.’’

Tekane dina, tangga teparo, uga anak wedok sak mantune, lan putune, nguntabke Parto Saidan sekaliyan tindak kaji. Donga-donga sing katujokake marang pasangan kuwi dilontarake, ‘’Mugo Parto Saidan sekaliyan, tansah diparingi lancar anggone nglakoni rukun lan wajibe haji, saged kondur kempal keluarga sak baline saka haji, lan pikantuk predikat haji mabrur.’’

Ing tanah suci, Mekah – Medinah, Parto Saidan diparingi lancar nalika nindakake kabeh sing dadi rukun lan wajibe haji.  Mulai saka Wukuf ing Arofah, Mabits ing Muzdhalifah, Mina, lempar jumrah, thowaf, sai lan cukur rambut kabeh katindakake kanti sampurna.

Ora lali, nalika Thowaf ngubengi Ka’Bah, Parto Saidan, ndonga marang Gusti Kang Akaryo Jagad, mugo awake, bojone, sak anak mantu lan putune diparingi keslameten ndonya akherat.  Uga, ora lali, nyuwun ing ngarsane Gusti, mugo-mugo anak lan mantune bisa nyusul munggah kaji mbesuk-mbesuke.

Ganep patang puluh dina, Parto Saidan lan bojone bali saka lunga kaji. Akeh tangga teparo, kenalan sing sanja ning omahe, ngertakake kabare, sekaliyan njaluk didongake samubarang.

‘’Pak Kaji Wahyu, sugeng kondur saking haji. Mugi kula saged nglampahi kados panjenengan, sowan wonten tanah suci,’’  tembunge,  Suyanto, tangga sak RT nalika dolan mbageke.

‘’Aku Parto Saidan hlo, Yan. Kok ngundang aku Kaji Wahyu, ana-ana ae sampeyan iku.

‘’Heheee… nyuwun sewu ampun dadi penggalih, panjenengan sekaliyan estu-estu pikantuk kanugrahane Gusti Ingkang Akarya Jagad. Saged tindak Kaji mergi sawahipun payu  (wahyu). Mila ketingale pantes menawi dipun wastani Kaji Wahyu,’’ saurane Suyanto.

Blas ora rumangsa kesinggung atine. Wong pancen sing diomongke Suyanto, tangga-tanggane, babagan Kaji Wahyu kasunyatan. Perkara ngono iku, dijuluki Kaji wahyu dianggep ora aib.  Malah dadi kebanggaane Parto Saidan.

Seminggu, rong minggu, sesasi, rong sasi, malah tahun ganti tahun, sawise mulih kaji, panguripane Parto Saidan sak keluarga tambah prasojo. Anakne, Wahyuni ya sangsaya mapan uripe, malah kepara tambah dadi telu momongane. Siji sing tumempel ning  awake Parto Saidan, mbok menawa nganti tekane pati mengko, yaiku terkenal karo paraban Kaji Wahyu(Cuthel)

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.