Gagal Nyaleg 

oleh -273 Dilihat
oleh
Illustrasi || Istimewa

KAYA lagune “Tibo Mburi” sing dipopulerke Ndarboy Genk udakara tahun 2018-an. Lagu sing nyritake pepeling kanggo awake dhewe urip ing alame bebrayan, menawa getun, gela mono tekane ning mburi.  Iyo pancen, getun mburi tibane ning mburi, nek tiba ngarep jenenge kejlungup.

TANGI jenggerat, tak deleng jam dinding sing tememplek ning tembok kamarku, isih jam telu isuk. Jebul ngimpi elek aku. Kedadeane jian kaya nyata. Isih gamblang ning angenku, isuk-isuk udakara jam woluan, nalika aku nembe resik-resik suket ndok latar, ana wong uluk salam, ‘’Assalamualaikum…..’’

Tak setitekna jebul Kang Woto, kanca raketku sing kabare gagal nyaleg, alias ora dadi. Gancangan tak bageke, tak jak njagong ndok teras omah. Aku mung  mbatin, wis waras iki, wong sandang anggone ya becik. Mung ketok kuru, karo praupane pucet.

‘’Piye kabare, Kang ? Lak ya podo apik kabeh ? Piye kabare anak bojomu ?,’’ pitakonku nrithik kaya sepur liwat nggawa gerbang dawa.

‘’Alhamdulilah Kang, sing penting podo waras. Kabeh ancen lagi dadi lakon,’’ semaure karo polatan sing serius.

‘’Iyo. Awake dhewe iku lak sakdermo wayang. Dene cita-citamu sing kepengin dari DPR ora keturutan, mbok menawa pestine Gusti kaya ngono iku. Kabeh ana hikmahe,’’ akeh-akeh aku nuturi, tanpa wani nggepok perkara nalika dheweke stres, turut-turut ndalan ndleming ora karuan parane.

‘’Ya Kang, wong keduwung iku pancen tibane mburi. Mbiyen aku nggugu omonganmu ya ora ngene iki kedadeyane. Tapi mbok menawa kudu ngene garis uripku.’’

‘’Nek keduwung iku pancen tibane mburi, Lha nek tiba ngarep jenenge kejlungup,’’ rembugku nyambi guyon parikena supaya Kang Woto ora kesenggol atine.

 “Sabar Kang  Woto, sedhela maneh sampeyan  bakal entuk ijole saka Gusti sing luwih  apik. Mula suk nek ameh tumindhak kudu dipikir kanthi mateng. Ambek saiki yen penggalihe lagi mangkel, kesengkelan, ojo dipikir jero. Mundhak ndadekake kahanan sing malah ora nggenah.’’

‘’Iyo, Kang, saiki wis bubrah sakabehane. Bojoku yo  minggat katut lanangan, malah aku ditinggali anak. Rasane kudu mati ae.  Nyawang apa ae semrepet kabeh,’’ tembung Kang Parno.

Tak deleng, jebul ana eluh bening mili saka mripate. Kanggoku, kaya krungu bledheg ing mangsa ketiga, jebul Fitri, bojone nekad mblayu katut wong lanang liya, mrangguli Kang Woto stres. Ora ngira babar blas nek kedadeyane nganti parah kaya mengkono. Gara-gara nekad nyaleg ae, bandha donya ludhes, bale pomah e ya melu bablas.

‘’Lha omah sawah lak ora nganti kadol to,Kang ?’’ pitakonku tak wanek-waneke.

‘’Kabeh ludhes Kang. Wingi nalika nyalon tak nggo boreg nyilih utangan karo tengah miliar rupiah ning bandar. Duite blas gak nyisa, lan iki aku mulih ning wong tuaku karo bocah-bocah. Layang rapak yo wis tak tampa. Aku nrima kok Kang, la piye kabeh wis kebacut.’’

Kang Woto kandha, ngrasake kahanan mengkono sak brabatan yo kudu emosi. Nanging wusana pikirane digelar digulung, ngapa kudu emosi lan sedhih? Kabeh dipepes karo pikiran, mbiyen nalika lahir, dheweke ora disampiri sandangan sak lembar.  Dene saiki kudu miwiti urip seko nol, bojo minggat katut lanangan, ngopeni anak,  yo arep dilakoni.

Gandeng suwasane wis kepenak, Kang Woto ya wis isa nampa lelakone,  akeh-akeh aku nyeramahi Kang Woto. Tak kandhake, menawa pungkasan sing duwur iku kawitane soko endhek. Ora ana, wong nyebar winih langsung thukul wit sing dhuwur terus panen. Barang mokal.

Baca Juga :  Pulung Kanarendran

Gusti Kang Akaryo jagad, ndadekake samubarang ning alam padang iki kabeh kanti proses.  ‘’Yo Iku mau, awake dhewe iki nyebar wineh, diwiwiti thukul wit cilik tur cendhek. Ngliwati proses, wit mau thukul dadi duwur.  Sakmono ugo, ora ana ujug-ujug iso dadi DPR tanpa ngliwati dadi anggota utawa pengurus partai politik.’’

Awake dhewe dadi wong tuwa kaya saiki iki, bacutku, diwiwiti saka bayi sing dhuwure mung udakara puluhan Centimeter.  Sawise ngliwati proses, dadi dewasa sing dhuwure  ngluwihi seko 150 Cm.

Semono uga, ngancik pasinaon, diwiwiti saka TK, SD, SMP, SMA, banjur  ngliwati proses lulus S1, S2, dan S3. Sebagian ana sing dadi profesor lan sakpanunggalane.

Pawongan sing nglungguhi drajat sing dhuwur, biasane ngliwati ujian penataran, utawa pendidikan lan sakpanunggalane. Kabeh mau nggambarake menawa, arep dadi “wong” kudu ngliwati proses. Ora ana kok ujug-ujug. Sukses mono kudu dikawiti seka langkah kawitan. Yo tekun, yo prihatin.

Sepisan meneh, kabeh mono ora ana sing ujug-ujug. Termasuk babagan nyalon DPR. Yen mung kebrongot omongane liyan, anut ombyake kahanan, mengkone bakal nemoni kahanan sing nggetunake. Kamongko, getun mono tekane utawa tibane mburi. Nek tiba ngarep jenenge kejlungup.

‘’Kira-kira isih kepengin langsung ning ndhuwur tanpa mulai seko ngisor, Kang?’’ Pitakonku wis wani slengekan,

Karo unjal ambegan dawa, Kang Woto mbenerke omonganku sing dawa-dawa. ‘’Wis cukup semene ae Kang. Muga-muga, kabeh lakonku iki kena nggo kaca brenggala kanca-kanca. Wis ah aku tak njaluk pamit, iku mau anakku titip ko nukoke Bakso e. Selak kawanen mengko.’’

Tak genggem salaman tangane, aku nampa salam pamitane kang Woto. Ulatku tak padang-padangke kanggo nyemangati uripe. Ning batin, aku mung iso ngresulo, kok ya eman lan kudu ngono lakone kancaku. Merga kepincut barang sing melok, saiki uripe mulai saka nol. Bandhane ludes, kepara isih nduwe utang sak gunung. Sing luwih gawe perihe ati, bojone uga minggat katut pawongan lanang liya.

                                                                  ***

Isuke, aku isih eling, dina Kamis pahing, tanggal 15 Pebruari 2024, awak seger bar adus, bojoku nggaweke kopi lan disuguhke ning meja panggonanku lungguh, ‘’Wis krungu kabar durung, Mas? ’’ pitakone Wiwit, wong wadon sing wis menehi aku anak lima.

‘’Kabar apa, Dik? Kaya koran ae, isuk-isuk wis nggawa kabar?’’

‘’Kang Woto kabare stres berat.’’  

‘’Ojo nyebar kabar fitnah ah.’’ 

‘’Iki tenan Mas, ora fitnah,’’ rembuge bojoku sajak serius.

Dikandhake, Rebo bengi, Woto ndleming turut-turut ndalan. Malah kepara ngisin-ngisini, lali ora nganggo klambi, mung nganggo pakaian dalem.

‘’Terus ?’’

Wiwit, sisihanku kandha, ngerti gamblang merga mrangguli dhewe, Fitri, bojone Kang Woto mara omahe Pak RT njaluk nasehat.

“Jan mesake bojone kula, Pak RT. Piyambake kados sampun lali samubarange. Sabendinten ndleming turut-turut ndalan. Malah kalamangsane damel lingsem tiyang-tiyang setri menawi mrangguli semahe kula turut-turut ndalan mboten ngagem rasukan. Namung ngagem pakaian dalem,’’ kandhane Fitri nalika mertamu ning Pak RT.

Baca Juga :  Mulai Kelimpungan, Sejumlah PKL di Blora Datangi DPRD

“Lajeng lare-lare pripun, Bu?” Pitakone, Parlan, Pak RT.

“Hla niku sing kula malah melu-melu stres, mboten saged mikir blas. Hla pripun, lare-lare diuring-uring tanpa sebab. Kula penggak mboten usah medal nggriya, Kang Woto semune nesu, lajeng mbantingi barang-barang ingkang wonten ndalem.’’

‘’Hla napa mboten dipados-padosake omben-omben, kersane adem pikire ?’’

‘’Sampun, nanging nggih tetep ajeg mawon. Mboten wonten kaceke blas.’’

Tekan kene, atiku temlawung. Kelingan ngimpiku. Uga kelingan kedadeyan telung wulan kepungkur. Wektu iku Kang Woto dolan omah,  njaluk pangestu arep melu nyaleg. Rumangsaku kok kaya ora karepe dhewe, kok nggege mangsa. Wong dapur lagi arep nyalon ae tembunge wis kumalungkung.

Batinku, aku sing mesthine luwih paham karo kahanan njaba, termasuk babagan politik, pencalegan, senajan yo ora prigel nemen-nemen, malah diguroni ngalor ngidul. Kaya-kaya wis barang mesthi.

‘’Wis ah, mengko nek aku wis dadi awakem ndara melu mulyo leh, Kang. Paling ora perkara pokir, aspirasi awakem tak bagehi sithik-sithik,’’ kandane Kang Woto kaya-kaya barang mesthi.  Nek awake nyalon DPR satus persen  kelakon dadi.

Wektu kuwi, akeh-akeh olehku ngandhani, nanging kaya njaring angin. Wong ketoke Kang Woto yo wis kerasukan omongane wong. Mbuh wong seko endi. Nalika pamitan, tetep  tak dongake apik, mugo-mugo kasembadan apa sing di sedya. Senajan ning njero ati sing paling jeru, aku ragu nganggo banget.

Tekane titi mangsa, jebul kaya sing dicritake bojoku,  pawongan wadon sing wis ngancani uripku ning alam padhang iki 15 tahun, merga  gagal nyaleg. Kang Woto saiki stres, turut-turut ndalan, ndleming ora karuan parane.

Aku mung isa dheleg-dheleg krungu critanne bojoku. Babar blas ora isa omongan, Ning batin mung isa muni,  munggo mbiyen Parno gelem nggugu omonganku mbok menawa ora ngene kedadeyane.

Pengarepku, muga-muga kaya ing ngimpiku judhul. Mbuh dina kapan, Kang Woto mara dolan, kahanane wis waras, lan kandha tetep semangat ngawiti urip anyar, saka nol, kanggo masa depane anake.

‘’Gusti, kula yakin, Panjenengan maringi pacoban kaleh umate panjenengan sak murwat kaleh kekiyatanipun. Kawula yakin, Panjenengan badhe maringi lintu ingkang langkung sae kangge Kang Woto sak keluargane. Syukur bage, maringi jodho ingkang langkung sae, kangge lintu semahipun ingkang sampun katut tiyang jaler sane.  Aminn.

Kok kaya lagune “Tibo Mburi” sing dipopulerke Ndarboy Genk udakara tahun 2018-an. Lagu sing nyritake pepeling kanggo awake dhewe urip ing alame bebrayan, menawa getun, gela mono tekane ning mburi.  Iyo pancen, getun mburi tibane ning mburi, nek tiba ngarep jenenge kejlungup. (Cuthel)

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.