Jual Mahal

oleh -230 Dilihat
oleh

” MERGA sosok sing mungkasi gawe, kena diumpamake Bupati sing wis kelakon nggawe kemajuane daerah, bakal akeh sing naksir. Akeh sing nduwe karep kepengin jejodhoan minangka dadi wakile. Kahanan iki sing kena diibaratke kaya cerita roman sacuil. ” 

“KOK, kaya crita roman sacuil suasanane,” kandhane kancaku nggambarake kahanan wolungsasi nyedaki Pilkada ing tlatah Kabupten Bantarangin.  Iki yen pancen dina coblosane bener sida ing wulan November 2024.

“Ah, paling-paling kowe arep crita pengalaman pribadimu,” wangsulanku karo nyoba mancing crita sing luwih akeh.

Pancinganku sukses. ‘’Ora, aku ora nate nduwe lakon kaya kahanan ing Bantarangin kaya wektu iki. Wong olehku jejodhoan mbiyen dijodhoke wong tuaku, dadi ora ana crita naksir, ditolak, utawa pendekatan,’’ semaure Yatno, kancaku raket rikala SMA sing saiki nduwe anak telu, patutan karo Salindri, kenya ayu sing isih mambu dulur.

‘’ Lha terus sing kok maksud kahanan ing Bantarangin kaya roman sacuil iku apa, Kang?’’

Tharik-tharik jawabane. Awal, Yatno nggambarake menawa ing tahun iki arep diadhakake pilihan Bupati. Kena dipesthekake  Bupati saiki, sing kagolong wong kang pinunjul, gagah pideksa, ajur ajer,  lan tilas mergawene banget dirasakake karo kawula dasih, arep nyalon maneh.

Merga sosok sing mungkasi gawe kasebut, kena diumpamake Bupati iku mau akeh sing naksir. Akeh sing nduwe karep kepengin jejodhoan minangka dadi wakile. 

Apa maneh, santer dirembug, Bupati kang digadang-gadang isa dadi pemimpin maneh iku mau, bakal pisah ranjang karo sisihane (wakile). Perkara mengko arep jejodhoan karo sapa, isih angel dibedhek. Lan perkara iki sing njalari akeh pawongan penasaran.

‘’Apa wis ana pawongan sing nembung pengin dipek sisihan? ’’

‘’Nek nembung langsung ora, nanging menehi tengara, samudana !’’

‘’Maksude  ? ‘’

Semune karo ngguyu, Yatno kandha, wis ana pawongan sing semune pengin teklek kecemplung kalen.  Grayang-grayang tawa anake iso didadekke jodho, nanging carane nyampeke isih nganggo samudana. Senadyan kabeh pawongan wis ngandang babagan samudono iku mau.

‘’Lha, tanggapane Bupati piye ?’’

‘’Angel. Nek ditakoni jawabane urung mikir, ngomong urung wayahe ngrembug Pilkada. Kerja..kerja…kerja.’’

Baca Juga :  Banyak Formasi Koalisi Parpol Yang Memungkinkan Untuk Mengusung Calon (1)

‘’Iku lak jual mahal jenenge, Kang ?’’ pitakonku ngoyak

‘’Lha ya iku sing tak karepke  kaya crita roman sacuil !’’

Tekan kene nembe dong aku. Jebul sing dikarepke kaya crita roman sacuil kancaku, babagan romantika olehe arep dho jejodhoan ing calonan Bupati.

Jual mahal mono, pancen sikap sing paling ora dikarepake/ora nyenengke nalika awake dhewe nyenengi wong liya.

Ati iki bakal seneng menawa isa entuk perhatian saka wong sing ditaksir. Sewalike, ati iki mangkel, utawa isa wae  sangsaya penasaran menawa mrangguli  pawongan sing ditaksir, jual mahal. Tak kira akeh pawongan wis tau ngalami kahanan iki, naksir wong  jebul pawongan iku mau jual mahal.

Mung wae, aku isa maklumi menawa ana pawongan sing pancen kudu jual mahal. Sikap jual mahal mono pancen  bisa nambah daya tarik romantisme.

Kasunyatane, akeh wong lanang paling kepincut karo wong wadon sing ora gelem ngakoni perasaane. Wong lanang misterius luwih atraktif tinimbang wong lanang sing kanthi terang-terangan nuduhake seneng karo liyan.

Kaya-kayane wong lanang bakal mikir banter karo wong wadon sing disenengi nanging perasaane wong wadon iku mau ora gampang dingerteni. Rasa penasaran iku mau sing pungkasane dadi penyemangat olehe kepengin nduweni.

Pitakone saiki, apa sampeyan tau ngalami kepincut karo wong sing duwe sikap jual mahal ?  Piye rasane?

Manekawarna

Kanggoku, kenapa kok ana pawongan sing kudu jual mahal. Ora kok  sombong, nanging sikap jual mahal iku mesthi manekawarna jalarane. Kaya to, menawa babagan jejodhoan ing calonan Bupati mono, ibarat kaya wong-wong sengen nalika arep ngrabeke anake. Wong tua sing njodokke.  

Anak, utawa calon nganten mono  kudu manut karepe wong tuo, babar ketiplas ora entuk ngenyang karo sapa jejodhoan lan sakpanunggalane. Ora salah pancen, menawa sikap ngono iku ana sing ngarani jual mahal. Masiyo sakjane ora ngono kuwi kasunyatane.

Isa uga, kenapa calon nganten durung iso ngomong bakal jejodhoan karo sapa, durung isa ngiyani nalika ana wong tawa kepengin dipek bojo. Contone,  merga lakon lawas. Lakon lawas sing piye ?  Iki yo angel menawa wong liya pengin mangerteni lawas iku mau. Wis mesthi dawa critane.

Baca Juga :  Marjati, Sosok Kartini Japah Yang Harumkan Blora di Kancah Nasional

Nanging nek alesan durung mikir nalika ditakoni arep jejodhoan karo sapa mengkone nalika calonan, alesane isih mikir kerja…kerja..kerja, iki kok ya ngayawara. Mosok, calonan gari wolung sasi kok durung nduwe gambaran kira-kira arep bebojoan karo sapa.

Menurutku, bakal ana kahanan sing ora kanyana-nyana ing calonan Bupati Bantarangin mengkone. Menawa metani formasi kursi partai ning  DPRD, tinemu nalar,  mengko bakal muncul pasangan sing ora dinyono-nyono.

Ing wektu iki kena diibaratke wis mulai udan gerimis, semune menehi isyarat sapa-sapa sing karep nyalon ing pilihan Bupati Bantarangin. Gerimis iku mau,  contone, akeh wong sing nganakno acara sing ujung-ujunge ana hubungane karo calonan.

Termasuk, wis muncul athik-athike wong nggawe poling sing judule sapa calon Bupati pilihanmu 2024. Iki sah-sah wae kok, nanging perlu dimangerteni, ora ana keluk tanpa ana geni. Wis mesthi keluk iku muncul merga ana sing nyumet geni.

Mung perlu dimangerteni, kabeh mau minangka kahanan sing lumrah. Ora mung ning Kabupaten Bantarnagin, nanging ning akeh kabupaten sing arep ana calonan Bupati.  Grenengan, gremengan, lelucon lan sakpanunggalane, kuwi mono minangka kembange arep ana calonan Bupati. Barang wis Jamak lumprah, ora perlu gumun, lan ora perlu kaget.   ***   

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.