“Gathutkaca” Budhal Perang Tahun Iki ?

oleh -4670 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Sakwise ngelam pikir, nata ati, Bima mutusno kepengin mendita. Perkara jabatan Raja arep diselehno sakuntara. Nenangno pikir, ambek nata awak, nata anak (Gathutkaca).

Ditata lan disiyapno, mengkone menawa wektune wis mirunggan, lan pas, isa neruske cita-citane nata negara. Dadi Raja. Keputusan sing kaya mangkono iku, merga nimbang karo pirang-pirang kahanan sing ana.

Jengene ae lakon. Krungu putusane Bima, sakwenehe nayaka praja, para ulu balang, pandherek, uga para sinoman, akeh sing ora trima. Senadyan, ya akeh sing sarujuk karo keputusan iku.

Sing ora sarujuk, kanthi lelandesan harga diri, nikmat panguwasa, sakwenehe pandherek uga nayaka praja, ngujuk-ngujuki anake Bima sing aran Gathotkaca supaya gelem madeg dadi Senapati, ngrebut dampar kencana Raja. Mbuh mengko dadine. Perkara kasil olehe perang apa ora, dipikir mburi.

Kepetung rodok nekad athik-athike para pandherek iku. Lha gene, olehe ngujuk-ngujuki Gathotkaca kanthi sesideman, nyolong laku, supaya ora dimangereni karo Werkudara dalah kang garwa, Dewi Arimbi.

Baca Juga :  Ojo Mburu Uceng Nek Kelangan Greget

Dene sing sarujuk karo keputusane Werkudara, ning batin banget-banget olehe ngelem, lan pas. Sebab, nek nganggo petung Jawa, dijumbuhno karo kahanan singa ana, pas banget menawa ing wektu iki Werkudara luwih apik “Mendita”.

Jalaran, meneh-meneh kanthi petung, menawa nekad, nuruti hawa nepsune, nuruti bisik-bisike pendherek, bakal ana lelakon sing ora apik tumrape Werkudara sak keluarga.

Para nayaka praja sing sarujuk iki, isane mung ngelus dhodho karo athik-athike para pandherek sing ora nganggo pretung mateng iku mau. Ning batin, ngedumel, kok ya tegel-tegele, dapur wedi kelangan legine madu, kok nekad arep njlomprongna Raja lan Putra Mahkota ning jurange kasengsaran.

”Mbuled Di olehem ngarang lakon. Mburu cukup ae, kira-kira babare lakon “Gathutkaca Mbalela” iku mengko piye?” Singa mrungel critane Lik Di merga arep ndang budhal ning Pasar Pon, nggolek Akik.

”Ya sabar leh Min. Sing jelas, babare lakon, Werkudara isih panggah bingung. Antarane arep mendita, apa mbudalno anake, Gathutkaca dadi senapati mangkat ing ngalaga perang, ngrebut dampar kencana,” jawabe Lik Di.

Baca Juga :  Varietas Padi Bebas Hama Ciptaan Petani Blora Akan Dipatenkan ke Kementan

Ora sempat mbantah karo jawabane Lik Di, Min Singa gecak gecok pamitan, karo ngedumel, ”dasar dalang Pe’Ak. Wong gawe lakon kok ora genah babare. Lha nek ditutug-tutugna, suwe-suwe ndara ogak ana sing nanggap no. Wong dalang ora jelas.” *)

Tinggalkan Balasan