“Gathutkaca” Budhal Perang Tahun Iki ?

oleh -4666 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Mula Min Singo ya melu puguh lan yakin, ora bakal Gatutkaca kon mangkat Senapati tahun iki. Mosok Gatutkaca budhal perang tahun iki ?” Pitakone Min Singa ning njero batin.

Kuatir

Dene semono, tetep datnyeng pikirane Singo. Sedhelok ayem, nanging kala-kala ning ati cilike tetep ae kuatir. Ora ketang sithik, dheweke mikir lan setengahe yo iku mau, kuatir. Ojo-ojo lelakon ning mBlora bakal kaya lakon ing jagade pewayangan lakon “Gatotkaca Gugur” ?

Karo lam-lam pikir, Singo kebayang babare lakon “Gatotkaca Gugur”. Ing perang Baratayuda, Gatotkaca diangkat dadi Senapati lan gugur ing dina sing kaping 15, merga “Gaman Kunta” sing diuncalno karo Adipati Karna.

Baca Juga :  Ini Penjelasan Nasdem Soal Akan Usung Umi Kulsum

Gaman Kunta Wijayandanu iku nunjem nembus wetenge Gatotkaca lewat pusere. Nalika adepan karo Adipati Karna, sakjane Gatotkaca dhewe wis krasa lan ngerti menawa arep ana bahaya sing ngancam patine.

Sewalike, nalika perang karo Gatotkaca, Adipati Karna dhewe, sakjane mono yo wegah menawa kudu nglepasno gaman Kunta. Soale, Karna wis ngrencanakno, menawa arep nggunake gaman sing sekti iku (Kunta- red), nalika mengko adepan karo Arjuna.

Gusti wis nakdirake liya. Wektu semono, Prabu Duryudana mangerteni Gatotkaca wis ngentekno korban ning pihak Kurawa sing akeh, lan ngrusak laladan negara Kurawa, mula dheweke ndhesek Karna supaya nggunakake senjata pamungkas iku.

Baca Juga :  Dibawah Bayang-Bayang Kutukan Sukrasana

Tinggalkan Balasan