“Gathutkaca” Budhal Perang Tahun Iki ?

oleh -4727 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Dikandhakno sing agek umyeg lan dadi rembugane wong mberah, jare putra mahkota arep melu maju. Perkara sapa sing dadi pasangane isih digoleki sing trep. Sing jelas yo Nasdem partaine. Gari koalisi karo partai apa ? Nanging, nganti saiki ugo urung jelas.

Krungu saurane Lik Di, Min Singa langsung dheleg-dheleg. Nglangut aduh pikirane. Miturut etungan kitab, eman-eman nek menawa putra mahkota dipeksa maju tahun iki. Soale akeh wong sing dho kuatir, menawa nganti dipeksa dadi Senapati tahun iki, isa ae, mengkone ibarat woh-wohan bakal mateng krenggo.

Ngerti dhewe leh menawa sing jenenge woh-wohan, kok mateng krenggo. Dipangan ora enak, nek dibuang kok eman-eman. Min Singa, malah kelingan lakon Gatotkaca Gugur jagade pewayangan.

Baca Juga :  Ketika Ustadz Semar Berdakwah

Sing gawe ayem atine, ketoke ora bakal ana lakon “Gathutkaca Gugur” iku mau. Wong kasunyatane, senadyan akeh sing dho obong-obong supaya Werkudara gelem nyarujuki menawa Gatotkaca kudu madeg dadi Senapati tahun iki, Ibune, Dewi Arimbi tetep puguh ing ati. Ora nyarujuki.

Jengen lumrah, naluri sakwenehe kanjeng ibu sing sayang karo anak, moh menawa anak lanang sing digadhang-gadhang isa njunjung lan ngluhurke asmane wong tuwo, arep dijlomprongno sakwenehe pawongan, ning jerone jurang.

Tinggalkan Balasan