Titen Tipak Moh Rembug Manis

oleh -1496 Dilihat
oleh
Santoso Budi Susetyo S.Sos

”Dalan lingkungan kene didandani dadi apik iku yo ana sing merjuangke. Ora ketang kabeh mau anggaran APBD tapi nek anggota DPR e sing wis dipilih jiblek ora peduli yo angel entuk dum-duman anggaran. Soale anggaran iku terbatas tapi sing butuh lan kepingin didandani iku yo luwih akeh,” Mas Giyo neruske ceramahe. Sebagian manthuk manthuk tandane mbenerke.

Pancen sakwise calon DPR sing dipilih lan menang ning TPS lingkungan kono akeh perubahan sing isa dirasake. Sakliyane infrastruktur babagan pertanian ugo akeh kemajuane.

Peduli Politik

”Owah-owahan kahanan ning Indonesia, mbuh kuwi tambah apik apa tambah elek nyatane akeh dipengaruhi karo kebijakan politik. Mula peduli politik iku penting,” suarane mas Giyo rodo alon, tandane wis ora emosi koyo dek mau.

Deweke pancen sing dadi pengarep tim sukses anggota dewan sing kepilih pemilu wingi. Direwangi ngglepung lan tambel kepingine duwe wakil sing tanggap lan gelem ngopeni lingkungane.

Baca Juga :  Bawa Mobil Pemadam Kebakaran ke Pasar, Sosialisasi Waspada Covid -19

”Opo maneh bupati, abang ijone pemerintahan iku kari deweke. Sejahtera apa sengsara rakyate uga tanggungjawabe,” saiki omongane nyambung maneh pitakonane lek San sing disik mau.

”Aku tetep arep nyemplung melu merjuangno calon Bupati sing tenanan belani rakyat cilik, sing ora sak karepe dewe, gelem ngrungokake aspirasine masyarakat.”

”Lha kira-kira sing mbok dukung sopo mas..?” Lek San nanjehno kepengin ngerti pilihane mas Giyo.

”Yen aku insyaAllah tetep melu pilihane pak Budi DPR, yen wis ono kabar mengko tak kandani..ewangi maneh yo,” karo nyruput kopi banjur nyedot udud, mas Giyo wis mulai setengah kampanye.

Ngrungokna jagong gayeng wong-wong iku, senajan meneng, ning batin aku prasetya. Mengkone arep mandeghani, nyengkuyung calon Bupati sing gelem tenanan mbelani wong cilik, ora sakarepe dhewe, uga gelem ngrungokno aspirasine masyarakat. Muga ae Gusti Allah ngijabahi. Aminn. *)

Tinggalkan Balasan