Diceramhi kaya ngono, sakjane Min Singo ya mak prempeng. Apa meneh, olehe takok Alek yo banter, dirungokno Lik Jo Gowang, Man Othok. Tapi piye meneh wong ancen bocah serodok setengah kopling. Omongan yo waton njeplak. Apa meneh nek karo diuduti Sukun putih, kala-kala bahasa Inggris e barang ya lancar.
Matematika Politik
Supaya wong-wong sing krungu pitakone Alek Weng, ora melu-melu ndarani dheweke Sarjana Matematika Po’o, Singo akeh-akeh olehe njawab pitakone Alex. Dikandhakno, menawa itung-itungan 5 + 7 + 2 + 1 + 3 + 2 sing ketemune siji iku mau, sakwenehe rumus Matematika Politik.
Sakwise rekom PDI-P metu lhan sementara wis nggenah partai koalisine ana papat, PDI, PKB, PKS, Golkar, angka utawa gunggunge kursi, 9 + 8 + 3 + 5, gunggune ana 25.
Anggep ae, sisane partai sing isih orang jelas koalisine, PPP, Nasdem, Gerindra, Perindo, Demokrat lah Hanura. Gunggunge kursi ana 20.
Dadi, angka 5 mono kanggo nggambarke PPP sing nduwe kursi lima, 7 iku Nasdem, 2 Gerindra, 1 Perindo, 3 Demokrat lan angka 2 Hanura. Angka-angka iku mau kanggo njelasno menawa partai-partai iku dho koalisi mengkone, paling ora isa ngusung sak pasangan calon Bupati lan calon Wakil Bupati.





