Pulung Kanarendran

oleh -475 Dilihat
oleh
Illustrasi || Istimewa

Dening : Daryanto

BALI nekani undian nomer calon Kades ing Balai Desa, Joko Bodong, gulung koming. Entuk kabar menawa ipene, landhese bojone sing aran Sumar, ditabrak motor ning pertelon ora adoh saka Balai Desa.

Atine ngekes, merga Sumar sing dipercaya dadi koordinator sabet anggone nyalon Kepala Desa. Mikire, terus sapa sing arep nggenteni dadi koordinator Sabet, nek nganti Ipene tatu nemen.

‘’Ora apa-apa kok Pak adimu. Mung lecet-lecet sikile, karo tangane. Ya, raine gubras sithik. Iki mau langsung digawa ning Puskesmas,’’ kandhane Sumarti, garwane,  karo nggawa banyu putih sakgelas sing arep diombeke Joko Bodong, kareben lerem atine.

‘’Hla bocahe saiki ning ndi. Blaik tenan hlo Buk, nek nganti tatune nemen. Kurang selapan meneh wis coblosan re. Terus sing nggajuli Sumar mengko sapa, mandegani sabet-sabet.’’

‘’Wis to sabar. Sumar ora apa-apa tenan kok, Pak. Iki isih ning Puskesmas, mengko nek bar diblaburi Yodium lak langsung bali. Wong mau akeh nom-noman wonge dhewe ngeterke ning Puskesmas.’’

Krungu tembunge bojone sing kaya ngono, serodok lerem atine Joko Bodong. Batine ya nggresah, wong calonan kurang selapan dina, kok ana-ana ae kedadeyan sing dialami.  Bejane ora awake sing disrudug motor, mung Ipene. Nanging ya tetep ae kepikiran, jalaran gawe calonan gari selapan dina.

Kentong Asar, Sumar bali njujug omahe Joko Bodong, diterke pirang-pirang nom-noman sing rata-rata pendukunge. Mak nyes atine Joko Bodong ngerteni Ipene mung tatu lecet-lecet.

‘’Ora apa-apa Di, awakem ? ‘’

‘’Ora Kang, mung lecet-lecet. Paling-paling nek wis ngliwati masa njarem-njarem, telung ndina apa patang dina lak wis kepenak awakku.’’

‘’Alhamdulilah. Suk-suk meneh diati-ati ah Dik Sumar. Iki gawe wis sangsaya cedhak,’’ pesene Joko Bodong, karo ngrangkul Ipene sing diagul-agul dadi koordinator sabet, kanggo menangke anggone nyalon Kades.

Bar Maghrib, kedadeyan ipene ditabrak motor wis ilang saka pikie Joko Bodong. Tenguk-tenguk ning linak emper omah, wis padhang praupane. Entuk nomer loro nalika undian ning Balai Desa isuk mau, nggawe atine nyicil ayem.

Nyocogke gunem nalika awake karo bojone  mara sowan ning omahe Mbah Broto, wong tuwo kondang tangga desa, sing akeh tamune angger usum pilihan kepala desa.

‘’Mugo-mugo wis ora ana kedadeyan sing elek meneh ya Pak. Cukup Sumar sing dadi tumbal, ditabrak motor. Nganti tekane nggawe, dina coblosan mengko ora ana kedadeyan apa-apa meneh,’’ tembunge  Sumarti karo mepet njejeri lungguh, njugarno ngalamune Joko Bodong.

” Iyo Buk, Amin. Iki aku ya wis nyicil ayem kok, kok bedhekane Mbah Broto, menawa ning undian aku entuk nomer Loro, wis bakal menang olehku nyalon. Donga lan semangatem ae, Buk, mugo-mugo nir ing sambekala nganti titi wancine calonan mengko. Lan sing penting aku dadi.’’

‘’Ora ngono Pak, aku kok gumun, nalika awake dhewe sowan ning Mbah Broto mau kok nrithik ditakoni wetonmu, wetonku, wetone Sumar. Malah kepara wetone anake dhewe loro-lorone. ‘’

‘’Ogak reti aku, Buk. Tapi wong Mbah Broto iku kejawen, paling ndara petung weton-weton keluargane dhewe sing cedak. Kira-kira-kira tiba mukti apa tiba pati.’’

Pitakone Sumarti, wong wadon sing dijak balo pomah rong puluh tahun lan patutan anak loro lirih. Tapi wis cukup nambahi atine Joko Bodong sangsoyo ayem. Nasibe Ipene sing bar ditabrak motor wis ora dipikir. Kamongko wis mesthi sedina rong ndina awake bakal njarem kabeh.

Kok ora tambah ayem geneya. Wong wetone lima anggota keluarga, wetone dhewe, bojone, anake lan wetone Sumar, kabeh tiba rejeki. Weton-weton sing  ketiban pulung, bakal lancar rejekine kaya sumber banyu gedhe sing ora ana enteke. 

Lima anggota keluargane Joko Bodong, miturut ramalane Mbah Broto pancen bener-bener nggawe ayem atine, calon Kades nomor urut loro iku. Lima-limane diramalake tansah oleh rejeki lan sugih bondo (harta karun). Rejekine ora bakal entek.

Joko Bodong sing wetone Senen Pon, kandane Mbah Broto, nduweni sipat kang tangguh. Pinter, tegas, lan tanggung jawab. Yen dadi pemimpin, dheweke bakal dadi pelindung sing apik, amarga dheweke duwe jiwa tetulung. Akeh-akehe wong sing duwe weton iki, kalebu jinise wong sing cerdas.

Sumarti, garwane, nduwe weton Rebo Paing.  Kandane Mbah Broto, Weton Rabu Pahing mono, nduweni kekuatan batin sing kuwat, kalebu weton unggul. Pawongan ing lair ing Rabu Pahing,  dipengaruhi dening Lintang Gajah Mina. Tegese fokus lan serius ing apa wae sing ditindakake.

Baca Juga :  Desak Pemkab Segera Aktifkan Bhakti Padma

Mula, wong sing nduweni weton Rabu Pahing mono nduweni bakat dadi pemimpin, nduweni wawasan sing jembar lan adoh. Kajaba ngono, wong sing lair ing dina Rebo Pahing dikenal minangka wong sing gampang ngapura, ora nate dendam, optimis lan ceria.

Dene anake Joko Bodong sing nomer Siji, Ananto, weton Kamis Legi. Diramal Mbah Broto, wetone wong sing loman, setya ing paseduluran, lan ora pengin ngrepotake wong liya.

Kajaba iku, uga nduweni sifat sing wicaksana, sportif, lan ora seneng pamer. Wong weton Kamis Legi  mono,  luwih trep yen nyambut gawe ora ana ing dhawuhe wong liya.

Iki amarga sifate sing gampang nesu. Profesi sing bener ana gegayutane karo keuangan, teknologi, seniman, petani, peternak, utawa dadi pengusaha.

Anake sing nomer loro, Ningrum, Kemis Pahing.  Wong weton Kamis Pahing iku pinter, jembar budine, lan wicaksana. Sifat dasar dina Kamis Pahing,  sabar, lembut, pasrah, linuwih lan protektif.

Wong lair dina Kemis Pahing uga kalebu wong kang nduweni cita-cita luhur. Mula, amarga cita-citane kang luhur, dheweke dadi pekerja keras. Kajaba iku, wong Kemis Pahing iku kalebu jinis wong sing seneng kebersihan lan kaendahan.

Siji meneh, wetone Sumar, Ipene Joko Bodong sing bar ditabrak motor, Setu Pahing.  Weton Sabtu Pahing nduweni rasa tresna kang dhuwur lan wani marang tanah air lan pantes dadi pemimpin. Dhèwèké seneng nulungi wong liya sing lagi nandhang susah. 

Adhedhasar sipat, watak, lan watake wong sing lair ing dina Setu Pahing, pantes dadi pengusaha, pedagang, utawa pemimpin. 

***

Hawane Pilakdes  Desa  Nganggil sangsaya krasa. Calone loro, siji Joko Bodong kanthi nomer urut loro, lan Budiawan nomor urut siji. Wis jamak lumrah, antarane pendukung calon siji lan sijine, kadangkala ya pirik-plirikan. Nanging ora nganti ana dredah, apa meneh tukaran gedhen ing Desa Nganggil.

Meneh-meneh calon nomer urut loro, Joko Bodong, entuk coba. Sumar, ipene sing bar ditabrak motor wis waras, lan minangka koordinator sabete mergawene trengginas nggendeli wong-wong.

Hla let seminggu bubar kedadeyan Sumar ditabrak motor, pitik ingon-ingonane Joko Bodong, sing sasuwene iki dienggo cagak nyukupi butuhan sabendinane, podho yaen, ora gelem mangan.

Gungguge pitik sing podho ngenderek atusan. Ora mung sakmono, pitik Jago Bangkok sing wis disuwuk Mbah Broto, melu-melu ora gelem mangan, ngenderek.

Joko Bodong ngrasa nek manawa cobane gedhe anggone dheweke nyalon Kades. Bengine, Sumar dikongkon sowan Mbah Broto lan nyritake kedadeyan sing dialami. Ora perkara bakal rudi mayuto-yuto menawa pitik-pitik sing ngenderek iki mau mati, nanging Sumar dikongkon miterang, iku mau kabeh pratondo apa.

‘’Dik Sumar, jajal mengko sowan Mbah Broto. Ojo-ojo iki digawe liyan, supaya sumbere rejekiku entek, lan pungkasane ora nduwe ragad suk ning malem coblosan lurah.’’

‘’Iyo, Mas. Aku kok yo nduwe pikiran sing kaya ngono. Wong nyedhaki “perang” ngene iki kedadeyan sing ora tinemu nalar kadangkala sering kedadeyan,’’ saurane Sumar.

Bengine, rampung Isya, Sumar dhewekan sowan ning omahe Mbah Broto numpak Astrea tuwo sing diduweni. Tekan omahe Mbah Broto, jebul tamune akeh. Sumar kepara ngalah ngenteni tamu-tamu iku mau mulih siji mbaka siji.

Pungkasane Sumar ditampa Mbah Broto, sakwise tamu-tamu podho bali. ‘’Ana kabar apa, Mar. Kok ketoke sedih polatanem,’’ pitakone Mbah Broto mbagegke.

‘’Anu, Mbah. Pun utus Kang Joko, isuk wau kok pitik-pitik ingon-ingonane sami ngenderek. Mboten purun mangan blas, kinten-kinten niku didamel tiyang napa pripun?’’

‘’Akeh gunggunge pitik-pitik sing ngenderek ngono iku ?’’

‘’Nggeh atusan ah Mbah. Malah kepara ayam Bangkok sing tumbas saking Juwana wingenane, pesenane njenengan kangge syarat calonan nggeh nderek ngenderek.’’

Krungu pelaporane Sumar, Mbah Broto meneng sedelo, manggut-manggut, banjur ngguyu kanti praupane seneng.

‘’Ya wis, gak apa-apa. Kangmasmu Joko Bodong kandhani, ora usah dipikir. Ora-ora nek pitik-pitik mau arep pada mati. Paling-paling sedina rong ndina, mengko lak podho giras meneh lan dremban mangane. Kalebu Jago Bangkok, paling sedino meneh wis waras, bakal gelem mangan.’’

Sumar enggal pamitan, ora lali ninggali rokok Sukun Abang klangenane Mbah Broto. Nyicil ayem, krungu kandhane wong tuwa sing pancen kalebu wong kas waskita lan dadi agul-agule babagan ilmu kejawen  .

Bener ngendikane Mbah Broto, ora let rong ndina, pitik-pitike Joko Bodong wis waras kabeh. Giras lan mangane uga nyenengake. Siji ae pitik-pitik sing ngenderek iku mau ora ana sing tumekane pati.

Baca Juga :  Mbak Etik Motivasi Pelajar SMP Kristen 1 Blora Dihari Anak Nasional

Dina-dina sakbanjure, ora ana kedadeyan nyalawadi sing dialami keluargane Joko Bodong. Nganti ing titi wancine, malem coblosan, kahanan Desa Nganggil tintrim. Ora ana wong podho kemliwer merga dianakake jam malem. Sing katon, mung siji loro wong, iku mau ae panitia Pilkades ing Desa Nganggil.

Omahe Joko Bodong katon regeng, wong tuwa, nom-noman podho melekan. Kabeh mau minangka laku tirakatan, ndedongo, muga-mugo jagone kelakon unggul suara naliko coblosan sesuke.

Ngancik jam 12.00 luwih limang menit bengi, ana kedadeyan sing marahi wong sing melekan ning omahe calon nomer urut loro iku geger. Ora ana sing ngerti sangkan parane, Joko Bodong ujug-ujug tiba klekar semaput.

Anak bojone pating jlerit nangis. Kabeh wong kepingin tandang nulungi Joko Bodong sing semaput. Ono sing mijeti awake , mblonyoni lengo putih ning awake. Udakara 10 menit, Joko Bodong dasar lenger-lenger.

‘’Wis kepenak, Pak awake,’’ pitakone Sumarti.

‘’Wis lumayan Buk, aku gaweke teh panas ah, ben awakku anget, kepenak.’’

‘’Enggih, wis ditetegke atine. Kabeh mono nek ancen rejeki, sampeyan tetep dadi lurah,’’ muni ngono Sumarti banjur memburi lan ora let suwe nggawa sak gelas teh panas, diombeke bojone.

‘’Iki mau ana apa e Pak, kok ora ana udan ora ana angin sampeyan kok semaput?’’

‘’Aku dhewe ya ora reti, Buk. Kok aku ngrasa ana wong mbalang buntelan putih ning awakku, terus aku wis ora eling apa-apa,’’ semaure Joko Bodong dirungoke wong-wong sing podho melekan ning omahe.

Mbah Broto sing melu melekan, blas ora gupuh nalika nyawang Joko Bodong semaput. Malah kepara ora melu tulung babar blas.

‘’Mbah mboten diparingi omben-omben kangge kekiyatan,’’ panjaluke Sumarti nyedaki Mbah Broto.

‘’Hla wis  kok ombeni teh panas ngono kok. Wis cukup, cayane bojomu ya wis mbalik abang,’’ semaure Mbah Broto karo ora menyat saka papan palungguhane.

Dinane coblosan, udakara jam pitunan, wong-wong Desa Nganggil dlidir kaya wong baris tumuju Balai Desa saperlu nggunakake swara ning Pilkades ing desane. Dene Joko Bodong karo  Budiawan, jejer lungguh kursi. Kaya manten kae, wong loro-lorone dadi calon.

Udakara jam sijian, coblosan ditutup lan diterusake itungan. Kelakon Joko Bodong menang swara, lan oleh-olehane swara kacek karo Budiman akeh nganggo banget.

Joko Bodong kelakon diarak pendukung-pendukunge saka Balai Desa, papan coblosan nganti tekan omah. Tekan omah, jebul Mbah Broto wing lungguh legek-legek ning  ruang tamu.

Sawise kabeh podho rampung bungah merga calone kelakon dadi lurah, Mbah Broto nyedaki Joko Bodong. Lirih dikandhakake, menawa awit Joko Bodong mara sepisanan ning omah, adoh saka wektu calonan, dheweke wis entuk perlambang menawa Joko Bodong nduweni bakat  kedunungan Pulung.

Merga isih ngugemi Kejawen, Mbah Broto percaya banget, menawa sapa wae sing kedunungan pulung ning pilihan lurah, dipesthekake bakal dadi.

Dikhandhake Mbah Broro, kedadeyan-kedadeyan sing dialami Joko Bodong nalika nyedhaki pilihan, sangsaya gawe manteb atine menawa Joko Bodong bakal menang ning jagoan lurah.

Koyoto, selapan sakdurunge coblosan, keluargane ana sing kacilakan ditabrak motor. Lebar ngono, seminggu candhake, ingon-ingon pitik duweke Joko Bodong podho ngenderek.  Iku mono pertanda menawa mulung wis nyedaki omahe Joko Bodong.

Sakbanjure, bengi sakdurunge coblosan, pilkada, Joko Bodong krasa, kaya-kaya ana sing nguncali barang sing njalari dheweke lesu, malah semaput ndadak. Miturut kawruhe Mbah Broto, kuwi mau pratanda menawa pulung wis mlebu, tiba ing awak. Pralambang, Joko Bodong wis ora bisa ditandingi maneh olehe nyalon lurah.

‘’Wis ngono ae, aku tak pamit ya Le. Tulung dijaga tumibane Pulung Kanarendran iki. Mugo wicaksono olehmu momong wong sak desa. Wargamu sing ora milih awakmu naliko coblosan, rangkulen. Jalaran mulai dina iki awakmu dadi bapake wong sak desa,’’ Mbah Broto pamitan.  (Cuthel)

Tinggalkan Balasan