Ojo Ngidoni Srengenge

oleh -2604 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Mung ae, Lik Di Mbacutno rembug, ora usah maido, ngilo githoke dhewe. Akeh-akehe wong iku dho usil, isine mok ndelok eleke wong sing dianggep ora cocok karo karepe.

Apa kira-kira sing maido wis dho ngerti susahe sing dipaido. Umpamane, nek nganti dipecat, terus ora dadi pegawai dewan, apa yo butuhane utawa masa depane arep ditanggung sing dho maido.

”Alah, pokoke nek nganti calon tunggal berarti demokrasi elek. Demokrasi mundur,” Jo Gowang tetep ngeyel.

Kato meneg dhadhane, Lik Di ngandhakno, masiho kabeh yo urung kelakon, isa ae mengko calone rong pasang, yo isa telung pasang, nanging misale mengko mung ana siji pilihan calon tunggal, urung mesthi isa diartekno demokrasi elek.

Angger, pemimpin sing digadhang-gadhang iso menehi kesejahteraane rakyat, arep calon tunggal, loro utawa malah calone telung pasang, ogak ana masalah. Terus umpamane kedadeyan calon tunggal, ana sing ngomong demokrasi mundur, yo ogak isa ngono. Wong awake dhewe ora kudu ngilo karo demokrasi cara negara liya.

Baca Juga :  Jelang Pilwakot, PKS Silaturahmi dengan PDIP

”Dadi calon tunggal iku ora soal apik lan eleke nggo demokrasi, sewakile iku ncen resiko demokrasi. Nek calone apik ora masalah, apa meneh nek dho wedi ngidoni srengenge. Sing jelas nek calone siji, luwih irit bea, dhuik Pemilu isa nggo mbangun, termasuk pemimpine sing dadi yo ora mbliyut nggolek balen.”

”Ngene lho Di, ojo mburu bener em dhewe ah,” Jo Gowang tetep puguh karo pendapate. ”Apike lan kudune rakyat diwenehi pilihan supaya calonan mengko iso luwih demokratis. Parpol yo ojo main aman.”

Baca Juga :  "Gathutkaca" Budhal Perang Tahun Iki ?

Tinggalkan Balasan