Ojo Ngidoni Srengenge

oleh -2642 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Karo mesem kecut, Lik Di ngomong menawa crita plipirane iku mau mung minangka nggambarno anane kabar sakwenehe “penggedhe” Parpol ning Mblora sing nduwe athik-athik munculno calon tunggal ning pilihan Bupati Blora 2020.

Dumukane, ana keluk ndara wis mesthi ana genine. Mula nek ana sakwenehe “penggdehe” Parpol sing nduwe athikan, nduwe pepenginan calon tunggal iku mau kena dipesthekake ya ana sebab musababe. Umpamane, kabeh mau merga prentah ko ndhuwuran ancen kaya ngono iku.

Wis kena dipesthekake, nek ana prentah ko ndhuwuran isine kudu dileksanakno. Wani mbantah utawa mbangkang, ngerti dhewe akibate.

”Iki mbok menawa lho Jo, wong-wong iku maeng wedi nek keslomot. Ogak wani mbangkang. Mbangkang ibarat podho karo ngidoni srengenge, sing kena diarteke nantang perkara. Jajal ae idonono srengenge, lak wis mesthi mblidoh lambeem. Malah kepara ajur awakem dadi sak walang.”

Baca Juga :  Yakin, Panjenengan Saged Mujudake Dalan Alus Banyu Lancar Terus...

”Lha sing kok karepno srengenge iku sapa Di ?” Jo Gowang ngoyak.

Krungu pitakonan sing kaya ngono iku, Jo Gowang mung isa ngelus Dhodo. Batine ya prihatin, jare Jo Gowang iku wong sing pendidikane dhuwur – lulusan perguruan tinggi, malah kepara wis wareg mangan uyah, nanging kok cupet nalare.

Tinggalkan Balasan