Mburu Dheleg Kelangan Uceng 

oleh -733 Dilihat
oleh
Illustrasi/dok

” IWAK uceng Ukurane mung sak cacing . Malah iwak uceng sing wis  dewasa ukurane ora luwih gedhe karo jenthikan. Nanging, barang cilik sing sakjane luwih utama lan barang mesthi, kudune ya di pepertri lan disyukuri. ”

ANA suasana sing ilang ning warunge Nyah Agus. Wis ora ana guyon loss, merga brawokane lan lucune Parno Belor nek lagi njagong karo ngopi. Suasana  kaya-ngono iku ilang keterak udan deres sing keri-keri iki isih kerep kedadeyan ning Mblora.

Badrun, kanca ngopi malah cluluk sing serodok gatelno  kuping, ‘’wis lali karo asal usule. Mbiyen wong tukang gawe wedang nek ana wong nduwe gawe ae, sing nungkulke rasa welas wong sak desa, lan miih deweke dadi Lurah, kok saiki mundur dadi lurah merga mburu kalungguhan luwih duwur, melu nyaleg kepengin dadi  DPR,’’ rembuge karo ngakep rokok sukun putih klangenane.

‘’Yo ojo ngono Drun, piye-piye iku ya kancane dewe. Sapa ngerti mengko dadi DPR tenan, warung iki dadi regeng merga asring disambangi.  Malah kepara kopi gratis sakbendine,’’ aku nuturi Badrun masiyo ning njero ati mebenerke karo apa sing dimongke.

‘’Aku ngomong ngono iku merga aku eman, Kang. Kok kaya wong legan nggolek momongan ae. Nek ana sisip sembire mengko, kena diuneke Parno Belor iku Mburu dheleg kelangan uceng,’’ Badrun panggah mecucu lambene.

‘’Kuwalik Drun, Mburu Uceng kelangan dheleg.’’

‘’Wis bener Kang, Mburu Dheleg kelangan Uceng. Mburu barang gedhe sing urung jelas malah kelangan barang sing dianggep cilik, dadi lurah. Kamongko, nglungguhi Lurah mono ya ora gampang, butuh ragad lan sing paling penting kedunungan wahyu. Kudune Parno Belor bersyukur, dadi Lurah sing nggo panutan wong sak desa, lan sing jelas barang mesthi.’’

 Dawa umure, dirasani  ngalor Ngidul, Parno Belor teko. Medun seka mobil Avansa sing wis ditempleki stikere fotone gedhe karo tulisan ‘Berjuang Untuk Rakyat”, mlakune digagah-gagahno. Sikile ya ditum karo sepatu merek “Nike”, dheweke langsung uluk salam , ‘’Asalamualaikum dulur-dulur !’’

Wong sak warung kaya koor mbalesi uluke salam. Kalebu aku,  ‘’ Walaikumsalam .. walah dawa umurmu No, iki mau dirasani wong akeh, termasuk Badrun. Tapi rasan-rasan apik kok,’’ tembungku mbagekno Parno Belor sing malih modis penampilane. 

‘’Alah wis biasa Mbah, wareg dirasani wong,’’ semaure karo nembung rokok Samsoe wing nduwe warung terus diulungke aku.

‘’Anu ca kanca, gandheng aku ya is didaftarke ning KPU, mulai minggu ngarep dho sambang-sambang omah ah. Ben regeng, ambek donga pamgestune muga olehku nduwe karep dadi wakile rakyat iso kasembadan,’’ rembuge Parno ngawiti njagong.

Baca Juga :  Grand Launching MPP, Sempurnakan Program 99 Hari Bupati Arief

Ora kaya adat sabene, brawokan, nglucu wis ilang saka sifate. Kepara arang kadang tembunge lan isine mung ngrembug perkara calegan. Bener-bener ora ana meneh swasana regeng ning warunge Nyah Agus. Wis ora ana guyon loos, gasak-gasakan, apameneh kok paido-paidonan.

Ora nganti setengah Jam Parno Belor pamitan, ora lali kopi, jajajanan, malah udutE wong-wong sing ana warung dibayari kabeh. ‘’Wis ya cyah, aku pamitan sek. Iki dibel wong omah ana tamu jare meh ngenyang sawah mburi omah,’’ pamitan ngono karo nyalami siji-siji pawongan sing ana warung. 

Mlebu mobil Avansa sing wis ditempleki stiker fotone gedhe karo tulisan ‘Berjuang Untuk Rakyat”, Parno Belor wis bablas. Ayang-ayange kepangan panase srengenge sing wis mulai dhuwur penenkan langit.

***

Bengi iku, bubar Maghrib plethes, udane ngreceh ae. Aku sing wis janjian karo Badrun lan kanca-kanca liyane tetep nekad budhal ning omahe Parno Belor. Netepi janji  sanja kanca sing buka meja Calegan. 

Tekan omahe Parno Belor, jian regeng tenan. Meja sing ana ruang tamu ditata tharik-tharik, oa lali ana tatanan lodhong isi maneka jajajanan. Pemandangan gambar gedhe fotone Parno Belor dipasang  ning arep omah.

Tamune ndlidir, ganti gumanti. Teka, salaman, mangan jajan, ngopi, udut, pamitan. Ngono mangambal-ambal wong-wong sing aku dewe ora kenal teka lungo.

‘’Walah tamumu jian ngedap-edapi, No. Ngene iki lak ngentekno gendhot,’’ Dasar Badrun pitakone thok leh.

‘’Ya ngene iki Drun, kahanan ning ndesa. Ora kacek nalika aku nyalon lurah mbiyen. Nggo nyuguh tamu ae enteke atus-atusan yuto. Lha piye, ngopeni tamu telung sasi suwene. Ya mangan, udut, jajajan.’’

Aku mung iso mbatin, bandha olehe klumpuk-klumpuk nalika dadi lurah rong periode isa-isa ludhes mung dienggo suguh tamu, calegan.  Kok eman rasane, sawah pirang-pirang kedok kadol. Durung  sapi-sapine pirang jodho kebut larut katut kedol kabeh

Muga-muga ae, suk nek wis etungan kecik, Parno Belor iso kasil dadi. Munggo ora dadi, ndhaneyo kaya ngapa mengko nasibe. Terus anak bojone wis mesthi bakal melu nanggung resikone. 

Bubar mangan jajan, ngopi, udud-ududan, Aku karo Badrun pamitan. Nalika pamitan salaman, Parno Belor nguntabke karo ora lali nyaluk pangestu, muga-muga kabeh lancar lan kelakon dadi DPR. ‘’Pangestune, seminggu meneh coblosan.’’

Turut ndalan, aku mung dheleg-dheleg blas ora caturan. Pikiranku mblangkrah tekan endi-endi. Mbayangno, munggo suk Parno Belor nganti ora kasil merga kecike ora nutug terus piye.

Baca Juga :  Manfaatkan Operasi Untuk Imbau Cegah Virus Corona

Bener omongane Badrun, Mburu Dheleg Kelangan Uceng . Ngoyak bab sing gedhe kamongko durun karuwan iso kecekel apa ora, kelangan bab sing cilik masiyo bab cilik kuwi bener-bener utama lan barang mesthi. Ora gampang dadi Lurah, kajaba ragade gedhe, uga kudu kedunungan wahyu.

Dina terus mlaku, ora krasa telung ndina meneh wis tanggal 14 Pebruari. Dina sing dianti-anti para caleg, merga sing nemtokake nasibe bakal jaya apa mati.

Tenan, telung ndina ngliwati dina coblosan, aku dikabari Badrun lewat WA, isine Parno Belor ora dadi, merga kecike ora nyukupi. Kabar sing nggawe aku melu sedih, Parno Belor nandang lara lan diupakara ning Rumah Sakit.  ‘’Hla, rak tenan to. Saiki kelakon sega dadi bubur, kabeh sing dikuatirke kanca-kanca jebul kelakon. “

Meneh-meneh aku mbenerke tembung Badrun, mburu Dheleg kelangan uceng. 

Uceng mono jinise iwak cilik sing urip ana banyu tawar, lumrahe urip ana selokan utawa kali sing cilik kang sithik banyune.

Iwak uceng Ukurane mung sak cacing . Malah iwak uceng sing wis  dewasa ukurane ora luwih gedhe karo jenthikan. Nanging, barang cilik sing sakjane luwih utama lan barang mesthi, kudune ya di pepertri lan disyukuri. 

Iya, pancen Dheleg iku jinise  iwak gabus utawa iwak kutuk, sing gedhene isa nganti ukuran 100 cm (sak meter) abote tekan 3 kilo. Nanging, kanggo mburu Dheleg iku ragade ora sithik, lan kudu nduweni keprigelan. 

Mula jian eman, merga  mburu iwak gedhe sing ukurane isa nganti sak meter, bobote  iso nganti 3 Kg, nanging barang durung mesthi, merga ragade catho-catho malah ketambah utang,  Parno Belor kelangan   iwak sing masiyo ukurane cilik, mung sak jenthikan, nanging  barang mesthi lan utama, iso nggawe tentreme bale omah.  (Cuthel)

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.