Kecap Merek Kodhok… Pokoke Siap Thok !

oleh -1133 Dilihat
oleh
Santoso Budi Susetyo S.Sos

Dening : Santoso Budi Susetyo S.Sos

NYALON Bupati kuwi pancen babagan sing ora gampang lan sepele. Akeh sing dadi pertimbangan lan persiapane. Nyatane akeh sing ora wani. Kandhane Mas Budi De Pe Er, intine piye wae PKS siap. Calon tunggal siap, ana rivale yo siap !

ISUK iku warunge mBah Temok rada sepi. Ogak maido, wong kawit bar subuh wis gerimis. Mbok menawa yo dho males metu omah. Yen ora malah dho nutuge mancal kemul maneh.

“Calon bupati iki sakjane ono piro mas Yo..?” karo nguncalno rokok sak bungkus ning meja lek San takon ning mas Giyo. Lek San pancen loma saben ning warung mesti kelangan rokok sak bungkus kanggo diudud bareng wong sing ning warung.

Baca Juga :  Ojo Tiru Dasamuka

Dibanding liyane, dheweke pancen paling mapan ekonomine. Sakliyane duwe garapan sawah uga duwe usaha mebel kayu jati. Mulane pas Pemilu wingenane uga wani tambel mbelani calon DPR sing didukung.

Sing ditekoni ora gage njawab, merga isih othak-athik korek sing ora ndang murup meh dienggo nyulet rokok sing wis diemut. “Mbuh kabare sing lagi sak pasang,” jawabe mas Giyo sakwise udude wis murup lan metu kebule.

Pancen wingi sakwise jagongan babagan politik lan calonan bupati deweke langsung nemoni pak Budi DPR, mulane iso jawab koyo ngono kuwi.

Kahanan politik Blora sakwise rekom PDIP lan PKB mudhun kanggo pasangan cabup cawabup Arief-Etik, isih ajeg. Bacabup liyane durung ono kabare maneh. Partai sing wis karuan manteb gabung lagi Golkar lan PKS. Sakliyane partai loro kuwi uga urung jelas.

Baca Juga :  Segera Terealisasi, Kades Hingga Pegiat Desa di Blora Akan Kuliah S1

Tinggalkan Balasan