Durung Kasep …

oleh -586 Dilihat
oleh
Illustrasi || dok

Dening : Daryanto

WARUNG kopi komplek GOR isih sepi nalika Naryo, pegawai honorer Diknas sing isih betah urip dhewe, senajan umure wis ngancik kepala papat, moro.

Naryo sengojo  teka Iuwih gasik amarga ana slenthingan nek awake dadi rasan-rasan wong warung perkara dheweke telat omah-omah.  Wong lanang kasep, jarene Triman, kanca rakete Naryo sing statuse isih podho-podho dadi honor.

Sing serodok nggatelke kuping rasan-rasane Sumar, ujare, Naryo iku ora lanang, wong umur wis ngancik kepala papat, malah arep nyedhaki kepala lima kok ora krenteg enggal rabi. Kamongko, senajan pegawai honor, nek perkara kenduwen bondho ndonya, Naryo kalebu mumpuni.

โ€˜โ€™ Ora Yu, wingi jare aku dadi omongan kanca-kanca. Ana sing kandha aku wong lanang kasep. Malah kepara ana sing ngrasani aku iku ora wong lanang sejati,โ€™โ€™ pitakone Naryo karo Yu Lastri, sing nduwe warung.

โ€˜โ€™Alah biasa Mas Naryo, wong rembugan warung ae kok mbok gagas. Tur meneh wong ndelok ora tombok ngono kae kok,โ€™โ€™ wangsulane Yu Lastri.

โ€˜โ€™Yo ora ngono Yu. Wong kok wani bokong wedi rai. Cara Triman olehe nguneni aku wong lanang kasep neng ngarepku ndara malah kepenak. Aku isa njelaske dawa-dawa kenapa aku urung rabi nganti saiki. Tur maneh aku khan wis nate omah-omah, mung wae ing tengah-tengahe ndalan bojoku ninggal. โ€™โ€™

โ€˜โ€™Uwis ora usah didawakno. Wong yo kanca blengket, podho nasib ae. Tur rembug kasep iku nek basa Sunda artine ganteng utawa tampan hlo, Mas.โ€™โ€™

โ€˜โ€™ Iku lak nek basa Sunda. Lha aku ki wong nJawa je, ngunekke kasep iku artine lak  telat. Ora telat nekani acara apa ta apa, nanging telat tumindak utawa nglakoni kaya wong akeh-akeh.  Umpamane telat rabi. Tur maneh akau khan wis nate omah-omah, Yu ,โ€™โ€™  Naryo malah mumbul, kepara sangsaya kemramyas  atine.

โ€œAsalamualaikum .. Sugeng enjang, Mas Naryo.โ€ Naryo tumoleh. Nalika weruh blegere sing uluk salam, dheweke manthuk karo mesem kecut, dibarengi  atine tratapan. 

Dumadakan wae dhadhane sangsaya kemramyas. Tujune ora sauntara  suwe wong-wong sing ahli ngopi, ya kanca-kanca sabendina  padha teka. Naryo sempat mbales uluk salam pawongan wadon sing sak tleraman katon ayu, anggun, senajan cara nyandang mung  prasojo. Ning batin, Naryo ngakoni nek pawongan sing nyalami iku mau wong kang pendidikan.

โ€œNyuwun sewu, Mas Naryo, badhe nyuwun pirsa, Kantor Diknas niku sebelah pundi nggeh?โ€ pitakone Wong wadon sing marahi Naryo kamitenggengen.

โ€œ Kantor Diknas?โ€ bathuke Naryo dijengkerut-jengkerutke kanggo nutupi atine sing pontang-pantingan.

โ€œInggih Mas.  Badhe tatap muka kalih Pak Kepala Dinas, wong kula angsal pengangkatan dados PNS guru SMPN I,โ€™โ€™ wangsulane pawongan lencir kuning, keibuan sing ora ngenalke jenenge.

โ€œNjih Mbak, niku gedunge ketingal saking mriki,โ€™โ€™ semaure Naryo, setengah gumun. Wong sing tekon kui wong Mblora, wong yo nate kenal cedhak karo dheweke, kok tekon Kantor Diknas.

Naryo yakin menawa wong wadon sing wis dikenal, asmane Dian Puspitasari, lagi nindake sandiwara, climen nggolek sisik melik kahanan awake.  Untung wae sakwise didudohke Kantor Diknas, Dian langsung lungo, sakwise ngucapke maturnuwun lan uluk salam.

Mobil Bryo werna Kuning alon-alon ninggalno GOR nuju Kantor Diknas. Gari naryo sing dheleg-dheleg. Kamitenggengen, isih diimbuhi wedi.

Urung entuk tamba ati sing kemramyase  merga dienggo rasan-rasan kanca minangka wong lanang telat rabi, atine Naryo ketumpukan ati ndredheg merga diendangi wong wadon sing ayu, keibuan. Luwih-luwih pawongan wadon iku mau wis nate ana sambung tresna pitung tahun kepungkur, nalika Dian dadi adik angkatan kuiah ing  UNES Semarang. 

Mung Naryo sing ngerti sapa wong wadon sing wis trethekan tekan warung kopi ing komplek GOR. Termasuk lelakon lawas antarane dheweke karo Dian Puspitsari. 

โ€˜โ€™Hlo yo, kok ngalamun .  Iku mau calonmu piye ? Mbok nek kira-kira wis manteb ndang gage, ben ora didarani wong lanang kasep,โ€™โ€™ rembuge  Sumar, njugarno ngalamune Naryo.

โ€˜โ€™Nek rembugan sing nggenah. Jare aku mbok rasani wong lanang kasep rabi. Aku mbok rasani ora lanang.  Mbok ojo ning mburi nek rasan-rasan. Dadi  kanca mono mbok sing beres, ora apik ning ngarep nanging ning mburi ngrasani sing ora nggenah,โ€™โ€™

โ€˜โ€™Aku ora rasan-rasan wong kasunyatan. Ngono iku ngepaske, wong ya umurmu wis meh ngancik kepala 5 kok urung omah-omah,โ€™โ€™ saurane Sumar kaya wong ora nduwe duso blas.

โ€˜โ€™Lembeem nggambleh,โ€™โ€™ Naryo kaya wis entek emosine terus omong sak kecandhake. Kabeh mau merga atine ketumpukan lelakon nembe wae diendhangi kenya ayu sing marahi atine pontang-pantingan.

โ€˜โ€™Rodo didhunke ah greatmu nek arep nggolek pasangan urip. Ora usah nggolek sing ayu, enom lan kudu sugih bondho. Mengko lak ndang entuk bojo.โ€™โ€™

Meneh-meneh kaya wis entek emosine, Naryo ora nggagas omongane  Sumar sing nylekit nyenggol ati. Mung dibatin, kanca omong ngono iku merga ora ngerti lakon uripe. 

Kegawa ati ruwet lan ora kuat ngempet, merga mikir ketekan wong wadon sing tekon alamat kantor Diknas, Naryo enggal pamitan bali sakwisie mbayar wedang sak cangkir karo gandhos loro. 

Sak dalan-dalan nalika bali omah, Naryo mikir, sakumpana Sumar reti lakon 10 tahun kepungkur, mesthi ora bakal omong nylekit.  Ora bakal ngrasani lan ndarani nek wong lanang sing aran Naryo, lulusan UNES camlaude, ora payu rabi. Nasibe ora beja, merga durung kelakon diangkat dadi PNS.

Bener ujare kandha kae, wong mono sawang sinawang. Ketoke genah durung karuan nggenah. Sewalike durugn karuan wong sing sawangane ora nggenah, jebul  uripe wis tumata kanthi nggenah.  

Menawa isa nglungguhi angger-anggere urip sing kaya ngono iku, dadi wong mono ora bakal gampang maido, ngrasani elek marang liyan. Uga ora bakal nduweni rasa meri, dahwen, ati open marang liyan. Termasuk ora bakal gumunan marang kahanan. 

Baca Juga :  BBWS Pemali Juana Mulai Normalisasi Embung Jurangjero

***

DIAN Puspitasari pancen tau dadi adik tingkate nalika kuliah ing UNES Semarang. Naryo njupuk jurusan Sejarah, dene Dian basa Jawa. Naryo tepung Dian nalika Ospek.

Naryo minangka kakak tingkate lan dadi panitia Ospek, sajake kepranan karo mahasiswi anyar adik kelase, sing aran Dian. Kebeneran wong loro-lorone asli mBlora.  

Tir padha irenge, sir padha senenge. Kabeh krasa endah tumrap sakarone. Kanca-kancane sak kampus mangerteni  menawa Dian pacangane Naryo. Kaya mimi lan mintuna, sak dina-dinane, ngalor ngidul wong loro iku tansah reruntungan.

Menungsa kena nduwe rencana, nanging Gusti kang Akaryo Jagad sing mutuske. Lagi nedheng-nedhenge wong loro iku mabuk asmara, ora ana udan ora ana angin,  dumadakan ana kabar ngagetake, bapake Naryo sing aran Pak Kasban, kontraktor kondhang,  ninggal ndonya kecelakaan.

Naryo disusul keluargane dijak bali saperlu nyekseni pemakamane bapake. Wektu iku Dian sing lagi penelitian Sastra Jawa ning Solo, ora sempat dikabari. Kabeh-kabeh merga podho bingunge.

Rantapan adicara pemakamane Pak Kasban siji mboko siji kelakon lancar. Sak bubare pemakaman, ana rembug keluarga gedhen, sing intine kanggo nutuge usaha keluarga, Naryo ketiban sampur. Kejaba saka kuwi, sing marahi Naryo lenger-lenger, ing rembug keluarga iku mau diputus dheweke kudu enggal rabi karo Titik, sing isih mambu dulur.

โ€˜โ€™Awakmu kudu nampa ya Nar, iki kabeh kanggo neruske trah keluarga kareben ora ngliyo. Sambi ngrampungke kuliahmu, kowe dadi kontraktor, wong  pancen awakmu sing digadhang-gadhang dadi  peneruse bapakmu,โ€™โ€™ pituture R.A Hesti, ibune Naryo.

โ€˜โ€™Menawi perkawis damelan dados kontraktor mboten awrat kageme kula, Ibu. Niki hlo mosok kula kedag enggal rabi kaleh Dik Titik ingkang taseh mambu sederek. Lan maleh kula mboten tresno,โ€™โ€™ rembuge Naryo alus, wedi kuwalat merga mbantah ibune.

โ€˜โ€™Eee.. ora, mengko alon-alon lak sithik mbaka sithik awakmu isa  nresnani Titik. Eling kabeh iki wasiate Bapakmu almarhum,โ€™โ€™ Bu Hesti kekeh.

Tanpa ngabari Dian, Naryo kelakon omah-omah karo Titik, sing dijodhokake karo pilihane ibuke. Pawatan Ibune, kabeh iku mau kanggo neruske trah Bani Kasban. Bondho sing mbrewu supaya ora tiba ning liyan.

 Rehne ora pengin dadi anak sing durhaka, wedi kuwalat, Naryo gelem ngepek  bojo Titik. Nanging dheweke ngajokake syarat bisakuliah,  ngrampungke kuliyahe nganti lulus Sarjana.

Naryo wekasane kelakon ngrampungke  kuliyah Ian duwe gelar sarjana. Ora ana sing sampurna ing ndonya, barengan dheweke nyandang gelar Sarjana, usaha kontraktor minangka nutuge usahane Pak Kasban, bangkrut.

Kanthi modal ijazah sarjana, bola-bali melu test pengangkatan guru, Naryo ora  katut. Mbuh piye larah-larahe Naryo isa dadi tenaga honorer ing Diknas lan durung iso diangkap dadi PNS nganti umure meh ngancik kepala lima.

Urip sarwo cingkrang, kamangka biasane serba kecukupan, ora gampang. Senajan kaya ngono,  Naryo tetep Istiqomah, lan nampa pesthine Gusti kang Akaryo Jagad.  

Meneh-meneh, coba gedhe kudu disangga Naryo. Titik sing dirabi pitung tahun tilar ndonya merga lara sing disandhang. Wiwit kedadeyan iku, Naryo nutup atine saka wong wadon liya.

Dheweke pilih ndudho lan arep-arep iso dadi tenaga P3K, menawa pancen nasibe ora kelakon dadi PNS.  Nanging sapatemon kang mbok menawa pancen dijarag Dian,  njalari atine Naryo rontang-ranting.

Sadhar karo atine kang mobat-mabit iku, Naryo pilih bali omah, ninggal kantor, senajan urung wayah bubaran Kantor. Pikire, nek dheweke isih ana warung ojo-ojo Dian mara meneh lan ngajak sapatemon. Terus bakal arep njawab apa mengkone,  menawa Dian mleter rembug, kenapa mbiyen tinggal glanggang nyolong playu.

โ€œYo, kae ana tamu, mbok dibukake lawang,โ€ cluluke Bu Hesti, ibune Naryo sing wis nandang gerah sauntara merga yuswo.

Naryo nuli menyat, jumangkah mbukak lawang kanthi kebak pitakonan, sapa kang mertamu ning omahe.  Lawang dibukak byak, jebul wong wadon sing nemoni ning warung kopi komplek Gor mau isuk.

โ€˜โ€™Mangga, pinarak,โ€™โ€™ Naryo mbageke tamune karo atine kumesar.

โ€œ Saged sowan nggagu sekedap,โ€™โ€™ takone Diyan kaya ora maelu gugupe Naryo.

โ€œMangga, pinarak, Mbak. Wonten kersa punapa nggih ? Napa wau sios kepanggih Ka Dinas.โ€™โ€™

โ€œSampun kok, Mas.โ€™โ€™

Naryo bener-bener tratapan atine. Dian mesem tipis, ngujiwat karo nyawang praupane  tajem. Diulati kaya ngono, Sing diulati kecipuhan. Rasane kepengin  enggal uwal saka suasana ing ruang tamune.

โ€œKabarmu  piye, Mas?โ€ Dian nyuwara Iirih.

โ€œAlhamdulillah, apik. Ya ngene iki kahananku saiki,โ€ wangsulane Naryo karo ngulati pyan omah.

โ€œAja kaku-kaku ngene ah Mas, Awake dhewe khan wis nate kenal apik, malah kepara wis nate sambung tresno.โ€

โ€œSedhleok ya Mbak, aku tak gladeni Ibu, wayahe mimik obat,โ€™โ€™ ucape Naryo berusaha mblayu saka kahanan.

โ€œNggih Mas, monggo.โ€™โ€™

Udakara sepuluh Menit Naryo mbalik njagongi Dian, tamune. โ€˜โ€™Beja ya Dik, awakmu kelakon diangkat dadi PNS. Muga-muga awakmu tansah nemu kabegjan, lah kebahagaiaan sakteruse,โ€™โ€™ rembuge Naryo, karo atine isih tetep trataban,

โ€˜โ€™ Maturnuwun, Mas. Aku mung menehi kabar, menawa nganti saiki aku isih ijen, merga aku isih nunggu janjimu mbiyen, sing jare ora bakal ninggalke aku. Suwene pitung tahun  aku nggoleki njenengan. Nglari  ilange wong lanang sing tak tresnnai lan wis kelakon  nyolong atiku.โ€

Naryo blangkemen. Dheweke ora bisa sumaur.merga rumangsa salah gedhe.

โ€œAja kuwatir, Mas,aku ora bakal njaluk bali atiku sing wis kadhung kok colong,โ€ ujare Dian kao ngulati tejem. 

โ€œOra apik, ngendikan sing kaya ngono iku, Dik,โ€™โ€™ ujare Naryo lirih.

โ€œiyo Mas, aku ora bakal njaluk bali ati sing wis kadhung mbok gegem mbiyen, lan ora ana sebab kok buang.  Aku nekad sowan ning ndalame njenengan iki, sakperlu kondho, menawa ragaku iki uga kudune melu mbok rengkuh. Wis pitung taun lawase ragaku suwung amarga kelangan atiku  sing jaman semono kok  gawa, ngalor ngidul. โ€

Baca Juga :  Ini Respon Ketua Dprd Melihat Jembatan Penghubung Cabean-Bajo Rusak

Ning batin, Naryo mbenerke, menawa nalika Dian nemoni awake ning kpinan GOR mau isuk, pancek dijarak.

โ€œPanjenengan wis dadi PNS dik, aku isih honorer. Ora pantes, tur meneh aku wis nggawe sliramu kesiksa pitung tahun lawase.โ€

โ€œMas, nalika aku lagi penelitian ing Solo, njenengan ilang tanpa kabar, uga  ora ninggali pesen apa-apa. Atiku cuwa, Mas. Nanging aku mbudidaya tetep ngugemi rasa tresnaku marang njenegnan engga seprene. Iki aku nekad nggolek sisik melik daleme njenengan, lan kelakon sowan. Mau isuk pancen tak jarak, Ma nemoni njenenganning GOR ! โ€

Naryo mung isa ndiluk, ora wani ngulati Dian.

โ€œAku njaluk pangapuramu sing gedhe, yo Dik. Nalika kuwi Bapak ninggal kecelakaan. Aku dipeksa enggal rabi karo wong wadon sing mambu dulur. Saiki awakmu ngerti dhewe, aku bali ijen, merga bojoku ya ndisiki sowan. Iki aku kudu ngruwat ibu sing wis gerah-gerahan. Perkara gawean,  aku yo isih panggah dadi honorer nganti saiki. โ€˜โ€™

โ€œPitung taun aku nggoleki njenengan, jebul njenengan mung njaluk ngapura ngono wae?โ€ ujare Dian

โ€œLha aku kudu kepiye, Dik? Muter wektu bali mbiyen maneh ya ora isa. Barang wis kadhung ora perlu digetuni. Mung siji sing takgelani, ya gene aku ora kirim kabar marang awakmu.โ€™โ€™

 โ€œYen pangapura wae gampang, Mas. Aku duwe akeh banget, nek trima telung ngggunung aku nduwe. Nanging, apa ya mung cukup pangapura sing arep mbok wenehke aku?โ€™โ€™

Naryo  ngerti arah omongane Dian. Naryo rumangsa wis ora ana apa-apane dibandhingake kenya ayu sing saiki ana ngarepe. Tur meneh, arep nagnggo alesan apa wae, dheweke wis tau ngiyanati Ian natoni atine wong wadon kuwi. Kanggone Naryo, wis cukup pangapura wae sing disuguhke karo tamune.  Dian duwe hak kanggo golek priya  sing Iuwih sakabehe tinimbang dheweke sing dudho, tur trima dapur honorer.

โ€œYa wis, yen ngono karepmu, Mas. Sajake aku pancen ora pantes kanggone njenengan. Aku kudu ngedoh saka uripmu,โ€ ujare Dian, banjur pamitan.

Naryo angluh. Sajake Dian Puspitasari  cuwa maneh gara-gara ucapane. Nanging jujur, dheweke ya krasa luwih lara menawamengkone wong wadon  sing nate gawe atine mobat-mabit, rasa salah merga wis nate khianat,  bakal ngedohi saka dheweke.

Karo nguwase Honda Bryo ninggalke pekarangan, ora krasa mripate kekembeng luh.  โ€˜โ€™Panguprane ya Dik, aku wis ora ana apa-apane menawa dibandingke awakmu. Mugo-mugo ae enggal entuk pasangan sing isa nresnani awakmu sakabehane. โ€™โ€™

***

SORE iku  krasa seger banget angin kang nampeg awake. Naryo rumangsa marem nyawang latar omahe sing asri. Tanduran maneka warna woh-wohan ning Pot, kelakon awoh. Sebagian kembange ngrembuyung.

Sing luwih nggawe marem, yo saka tanduran woh-wohan iku mau, menawa lagi panen asile iso puluhan yuta rupiah. Honorer ing Diknas dtinggal, merga pengin fokus karo usahane sing anyar lan asile iso ngunggukuli gaji pegawai negeri. Ora nganti ngiderke ning pasar, bakul-bakul podho moro nebas buah-buahan asil budidayane.

โ€œKetoke kok sajak bahagia, Mas.โ€

Naryo noleh. Kenya ayu  sing nembe metu saka omah. Sajak seger bubar adus kramas. Dheweke nuli lungguh ana sandhinge Naryo  sinambi nggaringke rambut sing  isih teles kebes.

โ€œAlhamdulilah, aku kudu bersyukur marang Gusti Kang akarya jagad. Uripku saiki wis sampurna, Dik,โ€ ujare Naryo karo ngelus-elus wetenge Dian kang nembe ngandut winihe pitung sasi. Disawang  praupane Dian kanthi kebak katresnan.

โ€œMatumuwun Mas, sliramu wis kersa rawuh meneh ana uripku.โ€

โ€œUpama aku ora weruh ana calon bu guru sing nangisnalika ninggalke omahku, tak kira nganti dina iki aku isih dhewekan,โ€ ujare Naryo.

Dian mesem  tipis sinambi njiwit garwane. Dheweke uga ngrasa sampurna lan bersyukur, kerana kelakon nduwe bojo bagus sing ditresnani, lan bakal  menehi turunan. Udakara rong wulan maneh siap- siap nyambut laire si jabang bayi kang wis diarep-arep.  

โ€˜โ€™Marem aku, Dik, anak mbarep lanang. Wingi nalika di Tes ultrasonografi (USG) dokter Nug wis gamblang lanang. Bobote udakara telung kilogram.โ€™โ€™

โ€˜โ€™Iyo Mas. Wis nyiapke asma po durung kanggo anak mbarepe dhewe ?โ€™โ€™ pitakone Dian kanthi kebak kabegjan.

Naryo banjur nawake akeh calon jeneng anake mbarep. Mulai saka Abyaz sing artine  takwa, taat, Adicandra – rembulan sing  endah, Adiguna –  pinter lan lantip, Pandai dan pintar, Adinata โ€“ Unggul, Adipramana – panguasa pisanan, Aditya-  srengenge, Matahari โ€“ Adiwangsa โ€“ Mulia.

โ€˜โ€™Nek aku cocok Adiguna Abyaz Mas, pengarepe anak lanange dhewe mbesuke dadi wong kang sing lantip nanging tetep taqwa.โ€™โ€™

Ora krasa kenthong Maghrib keprungu nalika wong loro kang nembe kebag kabagyan iku lam-laman tesna ana plataran omah. Kekarone banjur mlebu omah, saperlu Maghriban.  

Bener-bener nemu kabegyan tenan kekarone. Senajan katresnane nembe kawujud kanthi dalan kang kebak jurang. Gusti Allah sajake wis maringi garis kekarone dadi jodho. Mula senadyan kudu ngliwati dalan kang menggok kaping pitulikur, pungkase wong loro iku disawijike mbangun bale wisma. Jebul durung kasep angggone Naryo karo Dian mbangun bale wisma kang kebag katresnan. ***

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.