10 Miliar …

oleh -757 Dilihat
oleh
Foto : dok

Dening : Daryanto

” ANGKA sepuluh miliar iku iso digawe pirang – pirang model itungan. Umpamane, isa ae digawe model  2.200.000 – 800.000 X 30 x 5 x 4 x 12. Uga isa digawe model itungan 2.600.000  – 1.200.000 x 30 x 5 x 4 x 12. ”

MBAYANGNO duit sing gunggunge Rp 10 Miliar, Parto Paijan semlengeren. Batine… menawa duik sakmono akehe iku nek ditumpuk kira-kira duwure sepira ?  Sakumpama diadahi tas kresek terus pirang tas ? Nek cara ditukoke beras entuk pira ?

‘’ Gak mbayangno Mik, saukpama awake dhewe nduwe duik nganti Rp 10 Miliar. Nek trima dienggo urip ning mBlora ae iso nganti pitung turunan. Angger ora macem-macem hlo,’’ grenengane Parto Paijan  karo Ndimik, pas ngopi bareng ning Yu Tun.

‘’Kowe kok ana-ana ae Jan. Duik ko langit piye kok nganti sepuluh miliar iku ? Mergawe mocok ngunggahno pasir ae kok arep-arep nduwe duik sepuluh miliar,’’ saurane Lik Ndimik, semu ngece.

‘’Wong aku muni saumpama ae kok Mik. Malah ngundhat-ngundhat perkara uripku sing sara. Urip sing ngandhalno tukang pocok ngunggahno pasir,’’ Parto Paijan besengat besengut, kesenggol atine. 

Supaya kancane ora kesinggung kelantur-lantur, Ndimik nyoba ngajak mbahas perkara angka sepuluh miliar iku mau seko sudut pandang liya. Sengaja dienggokake crita perkara anake wedok sing jago sempoa. Merga ahli sempoa dina-dina ora nate kangelan menawa dibedheki itung-itungan angka, masiya nganti angka puluhan miliar.

Baca Juga :  Datan Susah Lamun Nembe Kena Garap

Malah kepara ing lomba sempoa tahun kepungkur, anake sing dijenakno Kiranti, kelakon dadi juara siji. Nggondol piala lan piagam. ‘’Ora rugi Jan, tak sekolahke ndok skeolahan sing ana pelajarane Sempoa. Saiki perkara itung-itungan wis mesthi mumpuni. Aku ae kalah. ’’

‘’Cara itung-itungan para gapit, sudo lan tambah ya iso, Mik ?’’ Pitakone Parto Paijan wis lileh atine.

‘’Yo kecil leh, Jan. Ora trima isa, malah nek ngetung mesthi cepet, wong nganggo sempoa. Sithik-sithik aku ya isa ngikuti yoan ! ’’

‘’La umpama awakmu tak kon ngetung angka sepuluh miliar iku mau, digawe itung-itungan lan, para, sudo, ping-pingan, ya isa ?’’

Gembelang gembeleng,  Ndimik thirik-thirik menehi conto Parta Paijan. Dikandhakno, angka sepuluh miliar iku mau iso digawe pirang – pirang model etungan. Umpamane, isa ae digawe etungan  2.200.000 – 800.000 X 30 x 5 x 4 x 12.

Isa uga digawe itungan 2.600.000  – 1.200.000 x 30 x 5 x 4 x 12. Termasuk iso uga angka sepuluh milliar iku mau digawe etung-etungan 2.400.000 – 1.000.000 x 30 x 5 x 4 x 12.  ‘’Pokoke isa digawe pirang-pirang variasi Jan,  nek meh nggawe itung-itungan sing ketemune sepuluh miliar.’’

Gumun setengah ora percaya  karo conto etung-etungan sing digawe Ndimik,  kanggo ngetest apa bener itung-itungane bener, Parto Paijan njupuk kalkulator e Yu Tun. Diduduli angka-angka sing disebutke  Ndimik, mulai angka 2.200.000 – 800.000 X 30 x 5 x 4 x 12.  Lhadalah jebul ketemune angka sepuluh miliar wolungatus yuto. Nduwe modal kanggo ngisin-ngisinake Ndimik. ‘’Wong ngaku pinter, jebule ngawur Mik, itung-itunganem.’’

Baca Juga :  Antara “Krisis” dan Kabar Rotasi Pejabat Eselon II

‘’Kok isa ?’’

‘’Lha nek itung-itungan  2.200.000 – 800.000 X 30 x 5 x 4 x 12 iku ketemune sepuluh miliar luwih. Pas e sepuluh miliar wolung atus yuto.’’

‘’Wong kacek sithik ae kok,’’ Ndimik mulai mlipir nggolek alesan.

‘’Sithik piye, wong wolung atus yuto kok sithik. Ora nggagas wong nggolek menange dhewe,’’ Parto Paijan minggat nglungani karo lambene di perat-perotno semune ngece Ndimik. ***

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.