Seni Melipat Waktu 

oleh -611 Dilihat
oleh
Foto : dok

Dening : Daryanto

” SAPA wae sing prigel utawa nguwasani Seni Melipat Waktu, bakal gampang rejekeni. Entuk duit ora nganggo kangelan. Siji sing efeke elek, yaiku  biasane numani. ”

ORA ana enteke nek ngrembuk wong loro sing sakjane uripe podho kesrakate iki. Parto Paijan karo Lek Ndimik. Ana ae sing diusrege wong loro iku sing umurane isih sakpantaran.

‘’Mik, awakmu ngerti pora nek saiki ana ilmu Seni Melipat Waktu ?’’ Pitakone Parto Paijan nalika ngopi bareng ning warunge Yu Tun.

‘’Kok ngayawara Jan. Nek sak ngertiku, yo tahu dicritani anak-anakku, sing ana iku yo seni melipat kertas utawa Origami. Hla apa ana kok Seni Melipat Waktu,’’ jawabe Ndimik setengahe ngenyek.

‘’Wong dikandhani kok malah ngece. Tenan ana ilmu anyar iki, jenenge Seni Melipat Waktu !’’

‘’Hla carane piye ? Terus senine manggon ning endi Jan ?’’

Ngene, Parto Paijan, mulai crita bababagan Seni Melipat Waktu iku. Batine ya kudu ngguyu, semune ya ngece wong crita Seni Melipat Waktu iku mau sakjane mung samudana. Nanging Ndimik ora dong, malah olehe nanggapi serius nganggo banget.

Dikandhake, menawa sapa wae sing prigel utawa nguwasani Seni Melipat Waktu iku mau bakal gampang rejekeni. Entuk duit ora nganggo kangelan. Siji sing efeke elek, yaiku  biasane numani.

Baca Juga :  Dekengane Pusat Cyah  ...

‘’Hla ngono iku angger wong iso sianu utawa nglakoni?’’ Ndimik nyela guneman. 

Isih ngempet ngguyu, merga Ndimik tetep urung dong karo ing dikarepke, Parto Paijan ngomong, sakjane kabeh wong iso nyinaoni ilmu Seni Melpat Waktu. Nanging ana syarate, salah sijine kudu nduwe jabatan. 

Merga nduwe posisi jabatan, pawongan iku mau ora perlu sinau suwe-suwe dijamin nguwasani ilmu Seni Melipat Waktu. Mung anut grubyug ae, ngerti-ngerti diwenehi bagian. 

Contone, Parto Paijan malah gacor olehe rembugan. Wektu sing kudune enem ndina terus dilipat utawa dilakoni mung patang ndina. Tapi bayarane ya tetep enem ndina. 

‘’Contoh iki minangka penjelasanku sapa wae sing prigel utawa nguwasani ilmu Seni Melipat Waktu, bakal jembar rejekine, Mik.’’

Lek Ndimik sangsaya kopyor pikire.  Merga critane Parto Paijan blas ora tinemu nalar. Sak ngertine, nek perkara seni melipat iku ya Origami.

Ndimik isih kelingan banget, tur meneh deweke uga pernah maca buku,  Seni Origami mono  isa nglatih kemampuan kreatifitase wong.  Merga isa nglipat kertas dadi maneka warna bentuk. Salah sijine  iso mbentuk kewan sing macem-macem jenise. Isa uga bentuk kembang lan serangga. 

Baca Juga :  Saatnya Tagih Visi Misi dan Pakta Integritas 

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), Origami seni melipat kertas soko  Jepang.  Origami asale saka bahasa Jepang “ori” sing artine lipatan lan “kami” ing artine  kertas.

‘’Ora ngono Jan, critamu iku sakjane karanganem dhewe, apa ancen ana ilmune tenanan?  Soale ngertiku mung seni melipat kertas utawa Origami.  Aku kok malah nggliyer ! ‘’

Ora semaur, Parto Paijan nglungani karo bekakakan.  Dene Ndimik mung isa kukur-kukur sirah masiya sakjane ora ana ketombene.   ***

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.