Pepeling

oleh
oleh
Santoso Budi Susetyo S.Sos

Ngajeni liyan, andap asor, lembah manah, yen rembugan lan tindak tanduk aja nggabrulan lan kudu isa angon kahanan insyaAllah pilihane masyarakat ora bakal ngliya.

Wong jawa kuwi nalika urip bebrayan kudu ngegungke tumindak sing grapyak semanak, sumeh lan aweh.

Aku nate maca tulisan jare ahli politik saka Jerman Max Weber sing diarani politik kuwi tegese krentege ati nurani supaya ngabdi kanggo kepentingan umum lan keapikan.

Muga-muga sloganku cedhak lan ngopeni iki tansah dadi pepeling kanggo wong akeh. Paling ora kanggo awaku dhewe kanggo ngemban tugas dadi wakile rakyat sing bener lan amanah. *)

Tinggalkan Balasan