Pepeling

oleh
oleh
Santoso Budi Susetyo S.Sos

Cedhak kuwi tegese pemimpin kudu cedhak lan gelem nyedhak karo sing dipimpin. Gelem kumpul lan nyawiji ning masyarakat. Aja kemratu sing ndadekake angel temonane lan ndadekake wong cilik sungkan. Malah kepara wedi uga minder.

Aja implik teka yen arep calonan blaka. Nanging bareng wis dadi mak plenyus ora ana kabare. Kabar lan conto ngono iku, sing wis-wis ya akeh. Kamongko, pemimpin yen cedhak karo masyarakat dadi ngerti kahanan lan kasunyatan sing sakbenere. Uga ngerti sing dadi kekarepan lan aspirasi masyarakate.

Enthengan

Ngopeni tegese entengan lan cancut taliwandha sing dadi kekarepan lan kebutuhan masyarakat. Manunggal karo masyarakat golek solosi tumprap masalah sing ana. Ora loma yen ana butuhe. Nyah-nyoh yen arep calonan blaka. Bareng wis dadi ora urus . Jiblek ndableg, penting kepenak awake dewe.

Baca Juga :  Mbilung Macak Guru Privat Matematika

Kalamangsa rembugan lan diskusi karo kanca soal golek dukungan utamane ngepasi coblosan, aku sering nyampekke politik kuwi soal angon rasa apa maneh iki ing tlatah Jawa angger awak dewe nguwongke wong.

Tinggalkan Balasan