Nggambleh

oleh
oleh
Iluustrasi/dok

Usume meh calonan ngene iki, wong kepara bebas olehe arep nggambleh rono rene. Metani eleke liyan, maido, moyoki, sing kabeh mau dhasare ora nggenah. Termasuk nggambleh mergane gething mburu serik.

OMONG ora kulak, mulane nggambleh ngalor ngidul ogak pernah ngetung rugi apa bathi. Wong ncen barang ora paitan ae. Ora maido, wong usume meh calonan ngene iki, wong kepara bebas olehe arep nggambleh rono rene. Metani eleke liyan, maido, moyoki, sing kabeh mau dhasare ora nggenah. Termasuk nggambleh mergane gething mburu serik.

”Mengkonok ae kok mbok pikir leh Min ! Biasa leh meh calonan Bupati, sing nduwe karep nyalon terus kongkonan wong koar-koar nggawe opini sing perlune iso mempengaruhi wong. Istilahe nabok nyilih tangan,” Lik Di nuturi Min Nggambleh.

Baca Juga :  Ojo Mburu Uceng Nek Kelangan Greget

Dituturi kancane kaya ngono, Min Nggambleh mung ngguyu kecut, ”yo sakjane ogak ameh mikir Di. Mung nggumun ae, calon urung dho mecungul ae kok wis dho “kampanye peteng”, ngono iku ndak pokilane sapa no ?”

Tinggalkan Balasan