Musoh Bumbung Kosong ?

oleh -2784 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Mbuh iku duik sing dienggo kampanye, nggolek suara, termasuk duik nggo ngamanke suara mulai soko TPS nganti KPU. Durung kugo udu siap-siap ragad, sapa eroh mengkone nganti tekan MK umpamane nganti ana kedadeyan sengketa.

Termasuk, iso ae kedadeyan calon tunggal iku maeng, salah siji penyebabe merga aturan ning undang-undang soal syarat dukungan kanggone calon perseorangan sing abot.

Ndok keputusan Mahkamah Konstitusi (MK), 29 September 2015, ketentuane calon perorangan kudu nglumpukno KTP akehe 10 persen ning daereah sing jumlah daftar pemilih tetep (DPT) e 2 juta wong, 8,5 persen ning daerah sing DPT ne udakara 2 – 6 juta, 7,5 persen ning daerah sing DPT ne 6 -12 juta, lan dan 6,5 persen ning daerah sing DPT ke luwih soko 12 juta wong. Syarat sing kaya ngene iki jelas ohak gampang dipenuhi.

Baca Juga :  Datangkan BPOM Provinsi Edy Wuryanto Berikan Edukasi Keamanan dan Gizi Pangan

”Lha nek misal mbesuk kelakok calone tunggal Jo, terus piye aturane utawa cak-cakane ?” Min Nggambleh mbentelno takok.

Ojo celuk Jo Gowang nek ora mbaut sak mbereng dengahe. Nyatane titis olehe nyelaske perkara aturane munggo mengkon kedadeyan calonan ning Mblora calone tunggal.

Dikandakno, UU No. 10 tahun 2016 sol Pilkada sing madahi perkara anane calon tunggal karo samubarang ketentuan sing disyaratno. Koyo to, pasangan calon tunggal dientukno menawa KPU wis memperpanjang pendaftaran nanging tetep ae ogak ana calon liya sing ndaftar.

Baca Juga :  Sejumlah Sungai dan Bendungan di Blora Darurat Penyumbatan Sampah

Tinggalkan Balasan