Dening : Daryanto
” TATU amarga pedhang, bisa mari sajrone sewulan, rong sasi, telung sasi. Nanging tatu amarga tembung, bisa setaun utawa rong taun, malah selawase ora bakal pulih. ”
LAMUN siro landep, ojo natoni – Meski kamu tajam, jangan melukai. Jeru maknane falsafah Jawa iki. Akeh pawongan termasuk awake dhewe, gampang ngucap nanging biasane angel nglakoni (jarkoni).
Akeh perkara urip ing ndonya iki asring dumadi, dikawiti saka tembung pawongan sing nyinggung perasaan lan atine liyan. Mula ana unen-unen, tatu sing disebabake dening tembung luwih mbebayani tinimbang tatu merga landhepe pedhang.
Ucape lisan (tutuk) luwih landhep tinimbang pedhang. Ora percaya, menawa lisan sing landhep lan gawe larane liyan, luwih landhep lan luwih jero tinimbang tatu utawa lara merga kena pedhang.
Tatu amarga pedhang, bisa mari sajrone sewulan, rong sasi, telung sasi. Nanging tatu amarga tembung, bisa setaun utawa rong taun, malah selawase ora bakal pulih.
Mula saka iku, penting banget manungsa njaga tutuke saka tembung-tembung ala sing njalari konflik, permusuhan, lan serike liyan. Luwih becik dadi wong iku yen ngajeni liyan. Ora nyalahake kanthi sembrono.
Ana paribasan Mulutmu Harimaumu. Tembung bisa dadi senjata landhep sing bisa nglarani wong liya yen ora dijaga. Mula ana unen-unen luwih becik meneng (diam), tinimbang ora iso njaga omongan sing bakal nglarani liyan.
Ora kok nggurui. Luwih apik awake dhewe nyingkiri riya’. Kena apa ? Amarga riya’ bakal nyemplungake awakke dhewe menyang jurang kerugian sing tanpa wates.
Carane nyingkiri riya’ mung bisa ditindakake kanthi niat kabeh tumindak mung kanggo nggayuh ridhane Gusti Kang Maha Nasa.
Nalika tumindak becik, awake dhewe kudu ora peduli karo omongane liyan. Ora usah semangat sing makantar-kantar nalika dipuji dening wong liya lan ojo kendhat utawa nyerah nalika dicela utawa dipaido dening wong liya. Menawa iso ngugemi lelakon iki, tandha yen awake dhewe ikhlas amarga mung Gusti Kang Maha Nasa. ***