Dalang Gebleg

oleh -1830 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Luwih-luwih sing isih ngguggoni tembung Sabdo pandhito ratu tan kena wola wali. Merga ora wani usul utawa menehi saran masukan, ning batin ngekes, “arep ana lakon apa mengko ing Ngastina. Arep dho nemoni apa pawongan sing dhon gujuk-ngujuki Destarastra.

Nagih Janji

Nganti sawijining wektu, nalika nedheng-nedheng podho rembug praja, kaselak tekane Patih Dasono sing ora kanyono-nyono. Inti Dasono sowan, mung arep nagih janji perkara prentah Destarastro supaya dheweke nyalon Raja.

Dasono ditampa Destarastra kanthi rena ing penggalih. Masiyo perkara Dasono sing arep melu calonan, dadekno pikire bingung. Babagan iku sing marahi Destarastro serodok ora penak .

Nanging ora kanyono-nyono Dasono ngatonke sifat satriya, kandha menawa sowane mung saperlu njaluk pangestu arep nyalon. Ora arep njaluk bantuan pra beya apa bantuan wujud liya.

Baca Juga :  Ojo Tiru Dasamuka

Dasono njagani sakabehane, merga khuatir mengko mung arep dadi bahan olok-olokan. Kajaba saka iku, olehe arep melu nyalon dadi Raja ya wis disarujuki malah dikongkon Destarastra.

Mula sing dijaluk mung restu saka Destarastra…Saknalika Destarastra dadi trenyuh karo budi luhure Dasono. Sakmono gedhe rasa kormat lan bekti karo wong tua. Ora nyalahno kahanan sing ana, tetep sabar, terus berjuang nggayuh kamulyan kanggo wong akeh.

Senadyan mung ing ati, Destarastra mung isa nggetuni wis salah omong. nuruti nefsu lan obongane liyan. Sewalike Destarastra malah ngutuk kadang sentana sing wis tumindak ndakik, serik, dakweh panesten. Isine mung obong-obong.

Sakjane mono Destarastra yo wis isa maca pokile Sengkuni lan nayoko praja liyane. Merga wedi kelangan legine madu, terus ngujuk-ujuki dheweke nganti tumindak, nggawe cara nandhingi Dasono ning calonan Raja.

Baca Juga :  Kecap Merek Kodhok... Pokoke Siap Thok !

Tinggalkan Balasan