Ringekse pakeliran, Patih gedebugan nata awak, ngatur strategi kanggo persiapan melu nyalon. Ugo nggolek bala sewu. Prasetya ing ati, prentah saka rajan iku mau minangka amanah sing kudu diamano. Dosa gedhe menawa dheweke ora ngleksanakno amanah iku kanti becik.
Wektu karo kahanan terus mlaku, lan yo wis akeh owah-owahan. Sengkuni lan sentana praja sing ana, mulai modin, hulu balang, juru perang, juru nujum, terus ngojok–ojoki Destarastra, supaya ojo ngeculno dampar kencana. Destarastra dipengaruhi supaya gelem ngejoke permaisuri utawa putra mahkota melu ngramekno calonan Raja.
Sengkuni alesan, eman-eman menawa Destarastra menehno legine madu karo pawongan sing dudu sanak kadang. Kamongko anak-anake ya wis ngancik dewasa lan dianggep mrantasi gawe menawa dadi raja.
Pasowanan agung kerep diadhakake. Kabeh sentana praja – mulai Begawan Bisma, Durna, Sengkuni, Duryudana, ngrembug uga nyusun strategi, nggawe skenario supaya dampar kencana Ngastina tetep ora tiba liyan.
Saking bantere olehe Sengkuni ngojok–ojoki, wong yo isih titah menungsa sing kanggonan lali, senadjan raja, Destarastra kengguh. Dheweke meneng-meneng nyusun rencana, nggawe cara nandhingi Patih Dasono sing wis krida, nyusun strategi calonan.
Sewu cara dilakoni, tundhone kepriye supaya Patih Dasono ringkih kekuatan, supaya mengko bakal gampang nandhingi nalika calonan. Kahanan sing kaya ngono iku mau gawe bingung sentana praja, para kawula cilik.