Kahanan Salah Mangsa

oleh
oleh
Foto || dok.

Oleh : Daryanto

” KAHANAN salah mangsa iku ya kahanan sing ora sakmesthine. Kahanan ora normal, merga kabeh-kabeh wong dho nggolek benere dhewe. Podho nyacat liyan, ora ngilo githoke dewe. Perlu dirembug sing apik, supaya kahanan salah mangsa iku mau dadi normal. ”

NEK rembug udan salah mangsa atau banyak hujan di musim yang salah, dimana konotasinya  kesimbangan alam semesta sudah terganggu, Parto Paijan wis dong. Bareng ana ukara Kahanan Salah mangsa, pakane Bari sing umure wis ngancik sewidak tahun luwih iku, plonga-plongo. 

‘’Werdine kahanan salah mongso iku apa leh, Mik ?’’ Pitakone Parto Paijan karo Lek nDimik, tangga tunggal gedheg.

‘’Nek rumangsaku kahanan salah mangsa iku ya kahanan sing ora sakmesthine. Kahanan ora normal, merga kabeh-kabeh wong dho nggolek benere dhewe. Podho nyacat liyan, ora ngilo githoke dewe,’’ semaure  nDimik karo ngiling kopi sing panas mongah-mongah  ning lepek.

‘’Ora ngono, kok nganeh-nganehi pitakonmu. Sakjane nggagas kahanan apa leh,’’ nDimik genten takon. ‘’Biasa, ing tahun politik ngene iki ora usah gumunan. Ora usah kagetan.’’

‘’ Ora iku hlo, kok ning Kabupten Arap-arap, ana oknum anggota DePeR e kok dho geger. Dho olok-olokan. Podho nyacat antarane anggota DePeR karo pegawai sing nglayani DePeR. ’’

‘’Arap – arap iku melu Propinsi endi ?’’

‘’Aku dhewe yo ora patio jelas. Ora dong. ’’

Ngene, Parto Paijan miwiti crita,  ing wektu iki,  ana juru bicara Fraksi DPRD Kabupaten Arap-Arap, ing rapat Paripurna ngetokake panemu sing diwedharake dening Bagus Ismoyo.

Panemu iku, nuduh Sekretariat DPRD Arap-Arap nyalahi penggunaan anggaran kanggo pangan lan omben-omben. Petugas Penegak Hukum (APH) dijaluk nangkep pawongan sing wis nyalahi penggunaan anggaran kasebut. 

Dikandhakake, senajan anggota DPRD arang banget ing kantor,  nanging anggarane tansah entek lan ora cocog karo panggunaane. Ngono iku  apa dipangan jin apa setan.

Ora mung kui, ing kalodangan iku uga disenggol-senggol perkara casback duwik balen nyewa  hotel nalika para anggota dewan kunjungan kerja ing njaba kutho.

‘’Hla tanggapane pawongan Setwan sing dituduh ngono iku piye, Jan ? ’’

Nanggepi tuduhan kasebut, Parto Paijan mbacutke crita. Dikandhakke, Bambang, Sekretaris DPRD Arap-Arap wis menehi klarifikasi babagan tuduhan dugaan proyek fiktif lan penyalahgunaan anggaran.

Dheweke nerangake yen anggaran sing ora digunakake dialihake menyang kegiatan liyane lan kabeh dana sing ora digunakake dibalekake menyang kas daerah. Dene anggaran panganan lan omben-omben sing ora dienggo dibalekake awujud  SILPA.

Baca Juga :  Dari Kunjungan ke PT SMI : Saatnya Blora Membuka Mata dan Mengkaji Untuk Percepatan Pembangunan

Bambang uga negesake yen dheweke ora nate nampa utawa njaluk dhuwit sing ana gegayutane karo urusan hotel.  Dheweke kandha, menawa mung nyathet biaya sing ana hubungane karo kegiatan nyoto. Kabeh bukti pengembalian anggaran disimpen ing BPPKAD (Badan Pengelolaan Aset dan Keuangan Daerah).

Sing serodok mbingungke ing wektu iki, Kepala BPPKAD Arap-Arap, Suparno, negesake, nganti saiki durung ana informasi ngenani pengembalian anggaran panganan lan omben-omben sing ora dienggo.  “Ora ana pengembalian anggaran kanthi bentuk apa wae. Setwan DPRD Arap-Arap isa dikonfirmasi maneh kanggo ngerteni kapan lan pira jumlahe lan ing rekening endi pengembalian dana kasebut. Nganti saiki durung ana pengembalian dana,” ujare Suparno. 

****

Ngancik rembugan perkara nuduh, njawab lan bareng dicocogke ora bener, Parto Paijan karo nDimik mripate mung pating plorok. Atine wong loro iku plesir tekan endi-endi. Mbayangke, mosok perkara sing ngono iku ora iso dirembug sing apik. Tujuane supaya ora mblabar tekan endi-endi.

‘’Ngono iku ndara isa dirembug lan diselesaikan sing apik antara sing nuduh karo sing dituduh leh, Jan ? ’’

‘’Tak kira ora ana udan tanpa mendhung, Mik. Aku curiga, ojo-ojo ana sebabe kenapa ing DPRD Arap-Arap iku antarane oknum anggota dewan lan Sekwane dho regejekan.’’

Ngene, gantian nDimik rembugan setengah tutur akeh-akeh. Kudune ora usah podho nyacat wong liyo, ngilo githoke dewe-dewe. Jangan senang mencela orang lain, berkacalah pada tengkuk sendiri.

Githok  mono, bagiane gulu sing paling mburi, bagian iku angel banget  dideleng.  Masiyo awake dhewe ngaca nganggo kaca lemari sing guedine sak lawang paribasane,  bagian kuwi tetep angel dideleng.

Apa meneh, nek ndelok githok tanpa nganggo kaca..lak yo mubeng..muser-muser sampek njungkir walik ora bakal iso ndelok. Kejaba,  menawa awake dhewe ning Salon utawa tukang potong rambut.. wis mesthi isa ndeleng. Soale  ning garep lan mburi awake dhewe ana  kaca sing dipasang.

‘’Ngono iku mesthi ana larah-larahe paling, Mik. Mosok ujug-ujug udan tanpa ana mendhung. Apa meneh wong ora rendeng kok ya ana udan ?,’’ Parto Paijan nyela rembug.

‘’Hla yo mbuh. Wong jenenge ae udan salah mongso. Iso ae ketiga ndrandang ana udan,’’ semaure nDimik. ‘’Tak bacutke ya pituturku, yo.’’

Baca Juga :  Totalitas Puntadewa Merebut Wahyu Tohpati

Pitutur sing podho, Ndimik mbacutke rembugan.  Gajah aboh ning ngarepe mata ora ketok,  nanging semut ning seberang lautan ora ketok blas.  Jajal ah, nek ora percaya, coba awakmu ning  kebun binatang, terus ngadeg ngadepi Gajah sing jarake mung Sak Centimeter. Pandengi gajah iku,  mesthi sing ketok mung  kulit keriput lan bintik bintik sing ora jelas. 

Akeh-akehe wong sering usil…menawa  ana kesalahane wong, sekecil apapun miturut wong usil mau bakal ketok jelas lan ora wigah wigih diobral ngalor ngidul. Perkara sing kudune isa dirembug kekeluargaan malah mubal-mubal tekan endi-endi.

Ojo Podho Nyacat wong liyo, Ngilo Githoke Dewe mono, minangka pitutur kanggo awake dhewe supaya mawas diri… Ojo seneng nggrembug  eleke liyan, sing urung tentu elek kanggone wong liya. 

Ukurane awake dhewe nalika nyacat wong iku menawa nganggo dasar ukuran awake dhewe, kamongka ukuran iku mau mung cilik, durung karuan wong liya sependapat karo awake dhewe.

Malah  iso-iso dadi senjata makan tuan, menawa awake dhewe nyacat iku mau ora bener. Wong liya malah nganggep awake dhewe nyebar Fitnah….hla apa ora tambah runyam urusane. Karep ati ngebruki gunung, malah kebrukan dewe.  Dene wong sing dicacat iku nyata-nyata salah lan patut dirembug, kudune tetep dirembug kanthi apik-apik. Digoleki  solusi lan hikmah manfaate.

‘’Hla ikiterus piye carane ngadepi Kahanan Salah Mongso ngene iki Mik ?’’

‘’Ya kudune dirembug bareng-bareng. Duduk satu meja, cari solusi yang benar-benar baik. Artinya tidak ada yang dikorbankan, dan tidak ada orang yang sengaja ingin mengorbankan orang. ’’

‘’Angelllll…,’’ Parto Paijan ndlunyur nglungani.  ***

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.