Mugo Iso Dadi Dalane Kamulyan Kahanan ing Tahun Kembar (2020) Iki

oleh -18215 Dilihat
oleh
Illustrasi/Istimewa

Dening : Daryanto

SENADYAN samar nanging kok cetho pesene mbah Buyut sengen. Jebul ya abot tenan sanggane lakon ing tahun kembar (2020) iki. Pengarep-arepe, mugho langgar -e yo terus rame, masjide tetep temata lan akeh jamaah-e.

Semono ugo, tak dongake jamaah calon kaji tahun ini (2020), bisa kaleksanan tindak Mekah-Madinah – dadi Ka’bah isa keambah. Perkara luware sakwenehe pawongan sing ana ing paukuman – pangajab -e tetep dadi pawongan kang utomo. Siji meneh sing kaajab, ojo nganti ana manungso seda tanpa diupakara – babagan iki wis isa gawe mareme ati merga jajaran kepolisian ugo wis nggawe tim sing bakal ngupakara menawa ana jasad sing ora diupakara.

Siji meneh, ning kahanan sing serba angel kaya ngene iki, bantuan saka pemerintah tumrape sapa wae sing kena dampak Cocid -19, enggal dileksanakno. Meneh-meneh pangajab -e aja nganti kawula cilik podho keluwen.

Ndonya ing wektu iki bener-bener digemparke lan dihebohno karo wabah virus “Corono” tepatnya Corona – Virus Disease 2019 utawa Covid 19. Penyakit radang paru-paru sing disebabke dening severe acute respiratory syndrome Corona virus 2 (SARS-COV-2).

Keganasane virus jenis anyar iki wis bener-bener gawe geger, akeh wong panik, keweden, gelisah, lan kaya-kaya ilang kepercaane diri para pawongan sing mapan ing ndonya iku. Mbuh iku masyarakat biasa apa sing nduweni panguwasa.