Mugo Iso Dadi Dalane Kamulyan Kahanan ing Tahun Kembar (2020) Iki

oleh -18659 Dilihat
oleh
Illustrasi/Istimewa

Ning laladan Indonesia, nganti titi mangsa Minggu 26 April 2020, data sing wis positip terinfeksi Covid-19 akehe 8.882 wong. Kasil dinyatakake mari akehe 1.107 wong, lan sing akhire tinggal ndonya akehe 743 orang.

Dene sak ndonya, sing positip terinfeksi akahe 2.930.901 wong, sing kasil mari 838.306 wong, lan sing tinggal ndonya ana 203.413 wong.

Kaya ngapa kahanane ing mBlorra ? Miturut katerangane Kepala Dinas Kesehatan Kabupaten Blora, Lilik Hernanto, SKM, M.Kes, kasus positif sing wis terkonfirmasi (lewat uji lab), mung ana siji, yaiku ing Kecamatan mBlora. Iki wis tilar ndonya tanggal 9 April lalu.

Asile tracking lan telusur wong-wong kang kontak langsung utawa kontak ora langsung, ana 161 wong. Pawongan sing kontak langsung, nalika di rapites, ana 3 pawongan sing positif rapites. Telu mau, siji diisolasi ing RSU mBlora, lan loro isolasi mandiri merga kondisine sehat.

Perlu dimangerteni, senadyan isolasi mandiri, arep teep diawasi lan dipantau karo petugas kesehatan. Pasien iku mau uga wis dijupuk swab test lan nunggu asile saka BTKL Yogyakarta, udakara 10 nganti 14 dina mengkone.

Genahe, kahanan ing mBlora, nganti dina Senin (27/04/2020), pawongan sing positif Covid -19 siji – ninggal tanggal 9 Maret 2020 kepungkur – ana 6 pawongan kang kalebu PDP.