Ngapusi … ?

oleh -1396 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Dening : Daryanto

JAGADE politik mono kebag karo strategi lan intrik. Wong mberah ngarani, sing jenenge strategi lan intrik iku mau yo siasat. Siasat mono cara ndakik kanggo nggayuh tujuan, nganggo cara apa ae, termasuk ngapusi.

ISIH kelingan omongane begawan politik soko tlatah Menden, ujare “wong politik mono entuk ngapusi, ning ora entuk salah”. Lik Di terus mbatin tembung iku. ”Ndak yo ngono leh ?”, batine. Wong welinge mbah buyut sengen kae, ojo ngapusi mudhak timbilen. Nanging, gumune, kenek apa sing dho ahli ngapusi iku kok mripate yo utoh. Ora ana sing timbilen.

”Ogak ah Min, mosok wong matoh-matoh dho ngapusi. Muni wis ora arep nyalon, yo tetep leh, mengkone ora ngarah nyalon,” bantahe Lik Di nalika jagongan karo Min Singo sing kandha, menawa omongane wong matoh-matoh jare ora arep nyalon Bupati ngono iku, kena di ibaratno isih adoh panggang saka geni wowo. Durung mesthi.

Baca Juga :  Ojo Tiru Dasamuka

Min Singo pesen, ogak usah nggugu nemen-nemen omongan sing kaya ngono iku. Akeh wong dho ngguyu. Ojo neh kok wong, kewan ae nek isa yo dho ngguyu kok. Ning jagade politik kok ora ana ngapusi. Barang mokal !

Jagade politik mono kebag karo strategi lan intrik. Wong mberah ngarani, sing jenenge strategi lan intrik iku mau yo siasat. Siasat mono cara ndakik kanggo nggayuh tujuan, nganggo cara apa ae, termasuk ngapusi.

Ngapusi mono bagiane soko intrik ing jagade politik. Dadi, menawa ana sakwenehe sing ngapusi, luwih-luwih wayahe calonan kaya ngene iki, ora usah kaget. Wong ancen wis dadi ndonyane.

Baca Juga :  Dalang Gebleg

Tinggalkan Balasan