Dalang Gebleg

oleh -2177 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Dening : Daryanto

TANPO dimangerteni Raja Destarastra, ana sakwenehe sentana praja nggawe athik-athik, wara-wara menawa putra mahkota arep melu nyalon. Nanging bola-bali Destarastra puguh ing pangucap prasetyane, Sabdo Pandita Ratu Tan Keno Wola Wali. Dikandhake menawa anake sing minangka putra mahkota ora arep nyalon, kajaba isih cilik uga durung cukup pengalaman menawa arep nyekel kendali praja.

WONG ancen ora pernah digulawentah ing piwulang pedalangan, dimaklumi nek Lik Di sing ujug-ujug dadi dalang tiban ngawur nalika mbabar lakon wayang. Karepe mono yo pengin nggawe crita carangan ben beda karo dhalang-dhalang liya. Nanging kabeh malah ambyar. Ngawur, marahi wong ngguyu pekikikan semune ngenyek.

Lha piye jal ! Mosok Destarastra digambarno raja gung binatara sing wis diakoni kabeh sentana praja lan kawula kasil nggawe owah-owahan negara Ngastina dadi negara kang kencar-kencar, maju pembangunane. Ora wuta kaya ning lakon wayang sing wis katulis ing Kitab Mahabarata.

Nalika ndalang ning omahe Jo Gowang sing nyunatno anak, Lik Di mbabar lakon Babad Alas Wanamarta. Versi dheweke. Destarastra sing wis arep mungkur utawa jengkar keprabon, kanggo nerusno kepimpinan, menehi sasmita karo patih sing aran Dasondo, supaya melu pilihan raja.

Destarastra ning ngarepe sentana praja lan uga dingerteni para kawula akeh, Patih Dasonso diprentah melu nyalon supaya isa marisi cita-cita mbangun kerajaan Ngastina sing saiki wis banget maju .

Keputusan iku dijupuk merga, miturut aturan ing negara Astira sing anyar, sakwise “Judicial Review”, raja mono mung entuk lungguh dampar kencana kaping pindho. Dadi Destarastra nglenggana, lan maneh mbok menawa merga metung anak-anake wuga is podho nduwe kesibukan dhewe-dhewe.